15.12.04

Mbulet tur bundet..

Kang Tomedjo wong Jowo deles, kepingin tilik sedulure sing dadi transmigran. Mangkat soko terminal Amplas Medan numpak bis ALS tujuane daerah Mandailing-Natal sing saiki jenenge diganti "Madina".
Nembe ae bis budal, wis takon marang sopire, "Bang, Natal isik suwe????"
"Maksude kuto Natal? Sampeyan arep nyang Natal?... Yo wis sampeyan kepenakne leh istirahat, wong isik rolas jam-an kok", ujare pak sopir.
Tomedjo banjur meneng sedela, nanging durung ono setengah jam wis takon maneh,
"Medan nganti Natal rolas jam... lha nek Natal tekan Medan pirang jam Bang?"
Sopire njawab rodo males, "Medan tekan Natal iku kira-kira rolas jam... nek gak percaya, ya sampeyan etung dewe wae".
"Ora ngono Bang.. sing rolas jam-an kuwi rak Medan menyang Natal, lha nek Natal menyang Medan pirang jam?", pitakone Tomedjo tanpa dosa.
"Apa bedane... nek Medan nganti Natal iku rolas jam-an, sebalike nek soko Natal menyang Medan yo mesti uga rolas jam ..", jawabe sopir rada mengkel dioyak pitakonan mbulete kang Tomedjo.
"Kok biso podo ya…. Bang", aloke Tomedjo sing nambahi mangkele sopir.
"Wah... nek ngono sampeyan ki rodok o'on tenan?", sumaure sopir sinis, "lha nek mangkat karo balike liwat dalan sing podo, mestine wektune ya podo to Mas.... kecuali nek ono alangan nang ndalan, umpamane... bis iki nyemplung jurang koyo pak Jendral Rajagukguk biyen kae…!!!".
Nanging Tomedjo durung marem, buktine isik grenengan, "Tapi.... nek soko Natal tekan Tahun Baru iku seminggu.. kok Tahun Baru tekan Natal setahun yoooo????"

3.11.04

Dijewer Gusti Allah

Poso wis entuk rong minggu, weteng luwe wis mulai ora kroso.
Racun ing awak wis dibuang
Banjur kemaruk, ujub, takabur....
Rumangsaku awak luwih seger, sehat, otot kawat balung wesi.
Ngibadah soyo grengseng.. kumudu-kudu enggal katam lehe moco Quran.
Tarweh ojo nganti bolong.
Umuk setengah sombong. rumongso wis dingapuro dosa-dosane.
Rumangsa dadi wong kang cinaketan lan diasihi karo Gusti Allah.
Rumangsa ora ono meneh sing salah kudu dipenerake.
Elinga kowe..... menawa mengkono terus, Gusti Allah bakal njewer kowe.
Lah harak tenan, tan kocapa naliko mung mergo ono krikil sak kacang ijo.. kowe kudu lumah-lumah tanpa daya limang dino.. posomu kudu distop, ngajimu ora bisa terus, tarwehmu kudu absen.
Mula... aja gambang gede roso, aja gampang umuk rumangsa nek wis kinasihan Pangeran,
bakal entuk kanugrahan...

24.10.04

Es semangka marahi mati...

Poso iki, panas banget hawane, srengenge sumelet... nembe udan pisan seminggu sakdurunge poso lan nganti dino ping sewelas durung nate ono udan sing tumiba nelesi bumi Betawi. Ing wanci awan nalika srengenge sumelet gae mletek embun-embunan, sering myangne mendah segere es blewah utawa es timun suri kanggo nelesi gurung garing aking ing wetu buka.
Semangka senajan seger rasane, nanging pancen ora biasa digawe es. Malah jaman isih bocah, simbah nuturi ora pareng mangan semangka dicampur nganggo sirup utawa gula, "bisa marahi mati". Aku dewe ora ngerti apa alesane, lha nek uwong lak mesti mati... ora peduli mangan semangka dicampur gula apa ora. Nek marahi loro weteng kok ya aneh, kenapa ono jus semangka utawa melon sing akeh sing seneng tura ora ono lapuran marahi mules.

16.9.04

Bantal Kayu Randu

Randu (Ceiba pentandra).
Witing randu, ing tengah ketiga wiwit ngembang lan rontok godonge,
Mbediding kembang randu, enake wong turu mancal kemul ing esuk nalika lengo klentik podo njendel beku.
Empuk kayune randu, sinigar ginawe cathok kanggo belok sikile wong edan supaya ora ora ngisin-isini. Mung merga pakurmatan kudu ngrampas kamardikan.
Kapuk randu kanggo isi bantal empuk mentul, kayu randu bantale sing podo laku sufi.
Supaya tengah wengi bisa gumregah tangi, manembah lan maneges kersaning Gusti.
Bantal kayu randu ing amben galar iku,
linambaran kloso mendong bolong-bolong.
Pancen bantal kayu randu iku isih gumletak wungkul.
Warna abu lan gandaning kringet tuwo isih bisa dirasa.
Nanging wis ora keprungu meneh, ing bengi galar kumreket amarga awak tuwa sing lagi mulet. Randu pikiranku tumuju ing jaman kawuri...

1.9.04

Kesambet dhemit ngisor kesambi

Dhemit iku gak beda ambek menungsa, senengane mapan nang nggon sing enak, eyup, adhem lan angine semilir. Mula gak anek angger ana wit sing rembuyung nang kono kuwi nggon dhemit. Tansaya meneh nek sering disebari kembang, dikutuki menyan, ambune wangi, demit soyo krasan manggon. Wit kesambi godonge gembel, wohe dijenengi cacil... mula wit kesambi iku panggonane dhemit sing matane mecicil...
Ambak podo demite.. jinise reno-reno. Ono sing diarani medon utawa demit sing rupane koyo pocong, ono gendruwo utawa demit sing gedhe duwur rambute gimbal, ono tuyul sing koyo cah cilik nganggo clono kancut, senengane nyolong duik, ono sundel bolong sing rupayu ayu senengane nggoda wong lanang nang wayang bengi (dudu sing nang kafe utawa diskotik iku)...
Sampeyan wis tau eruh demit tooo? Durung? Podo aku durung nate eruh..... Masiyo podo-podo durung tau eruh dhemit tapi isik iso lancar ngobrolne dhemit, terus nek mlaku nang panggonan sing angker mesti isik wedi.
Dhemit pancen jahil, senengane nggoda menungso. Wong turu diganggu, dipindah nang panggonan sing medeni. Wong mlaku diweruhi "penampakan" sing aneh-aneh. Malah yen wonge kosong imane.. dileboni. Lah kelebon dhemit naliko sobo nang nggon angker iku disebut kesambet... tegese dhemite mlebu tanpa kulonowon. Cirine wong kesambet biasane owah adate, sing biasane sabar dadi seneng ngamuk, ngoceh ora karuan, perangan awake kram, lsp. Biasane arang nulis blog ujug-ujug malik rajin, iku mbokmenawa merga kesambet....

26.8.04

Kuwalat Kaya Jambu Mente

.
Jambu mete (mente) coro ilmiah-e Anacardium occidentale L. asale soko tlatah negara Brazil. Wong tuwa biyen angger nuturi bocah supaya ngurmati utawa ora nranyak marang wong tuwa mesthi mesti ora lali menehi ancaman "supaya ora kuwalat kaya jambu mente". Nganti seprene aku durung entuk katerangan sing gumathok, kepriye jlentrehe yen kuwalat iku diparingi bebendu utawa piwales kaya jambu mente. Nek tak pikir-pikir mbokmenawa saka tetembungan ngurmati wong tuwa iku ateges "ora gelem tumungkul marang wong tuwa". Amerga ora gelem tumungkul marang wong sing kudu dikurmati, mula bakal entuk paukuman sirahe diungkulake nganti ana ngisor. Woh jambu mente sirahe uga ana ngisor mula banjur ana unen-enen "kuwalat kaya jambu mente".
Tanduran jambu mente akeh banget pigunane, amarga tahan kering, mula cocok kanggo penghijauan ing tlatah cengkar. Kulit kayune lan godonge kena kanggo obat tradisional. Woh mete kena diperes banyune banjur disaring lan digawe sari buah utawa dirageni dadi anggur mete. Kacang mete, yen digoreng utawa dioven gurih banget rasane. Gado-gado Cemara ing kebonsirih Jakarta, miturut sing dodol rasane enak amarga bumbune nganggo campuran kacang mete.

25.8.04

sambilawang



critane simbah
ing pinggir ndalan lumebu desa kene biyen ana wit kosambi.
godonge ngrembayong, yen mangsa ketiga kebak woh cacil gembrandul.
witing kosambi gedhe growong tengahe... kaya lawang,
mula tlatah kono dijenengake "sambilawang"
nganti tumekan titi wanci, nalika dalan anyar lan kretek watu dibangun.
witing kosambi kudu ditebang lan dibongkar.
kosambi wis ora ana
mung kari dadi crita
kanggo anak putu