25.8.05

Ciri-cirine wong Madiun...

Pasargebouw te Madioen, Oost-Java, gebouwd in 1927. Het geheel is in beton opgetrokken en voorzien van tegelvloeren. http://www.kitlv.nl

Foto Pasar Besar Madioen, tahun 1930-an
Nek sampeyan memenuhi sebagian/seluruh kriteria saka daftar di bawah...Walaupun gak ngaku, sampeyan pantes dicurigai utawa terindikasi sebagai wong Madiun....


  1. Makanan pokoke sego pecel: esuk sarapan sego pecel plus wedang kopi, awan pecel ngombe diglontor es cendol, bengi pecel ngombe ditutup teh manis....
  2. Sing perantauan, angger mudik sing digoleki sego pecel sing enak, angger balik rantau sangune lempeng mentah, sambel pecel...
  3. Plesirane nang nDungus, Sarangan utawa Ngebel...
  4. Nesu nek diarani turunan PKI..
  5. Pelawak favorite Kirun, idolane Ratih Sanggarwati, ngefans Ratna Listy...
  6. Nek tanggal nom blanja utawa cuci mata-ne nyang Sri Ratu...
  7. Numpak angkutan umum jarene nunggang Colt, padahal gaweyan Toyota, Daihatsu utawa Suzuki...
  8. Nek kaget, aloke "Biyuh, biyuh.... jegeg men".. ngarani dowo banget dadi "duuuowo", adoh banget dadi "uuuadooh nang jabalekat" misuhe "jiamput", "jiangkrik".
  9. Ngarani bakwan jare "heci", nyebut toge jare "ganteng" utawa "capar"
  10. Ketemu nyamuk gede-gede alok "jingklong sak emblag-emblag"
  11. Cilikane tau dicekel "waker" merga nyolong tebu pabrik...
  12. Sepeda montor disebut "brompit" mereke mesti Honda... Honda Yamaha, ya Honda Suzuki, ya Honda Kawasaki, ya Honda Kymco, ya Honda Honda, dst....
  13. Kirim email attachment-e: brem, madumongso, sambel pecel karo lempeng puli...
  14. Gendèng omahe dilabur tulisan AAPIK...
  15. Melok dadi anggota minimal simpatisan perguruan silat Setia Hati (Terate, Winongo, dll), nek ketemu sing beda aliran terus plerok-plerokan.
  16. Nang akte kelahiran utawa ijasah tertulis lahir nang Madiun (termasuk wilayah andahane kaya Pilangkenceng, Geger, Cigrok, Bendo, Tinap, Ngegong, Wayut, Muneng, Delopo, dll
  17. Ora nganggo klambi diarani "ote-ote"
  18. Komplek tentara disebut "bosbow", batas kota jarene "tèk-an", pasar bekas terminal disebut "sleko"
  19. Nyebut gedung bioskop jare "MT", nek minggat jare "colut"
  20. Nek nang Jakarta dadi tukang "ledek munyuk" alias "topeng monyet"
Thank's to member of Mailing list Madiun-Club

15.8.05

desa mawa tata kuta mawa becak

ciri khas kota iso didelok soko becake.. becak jawa tengah, penumpange mendelep ketutupan spatbor gede.. cocok karo wonge sing lembah manah, andap asor, gak seneng nonjol.. becak suroboyo, penumpange angkruk-angkruk nang nduwur, cocok ambek gayane arek suroboyo sing omonge apa anane, tanpa tedeng aling-aling....
wong sumantrah wegah kangelan, mula becake tanpa nggenjot alias nganggo mesin montor (apamaneh jarak nang sumatra iku rak adoh-adoh.. sak desa ae puluhan kilometer, lha nek nggenjot ya gempoe tenan).
sing paling menarik becak pematang siantar, mesine montor uduk kuno (merek a.l. bsa utawa
matjles) persis banget pilem perang jerman… apamaneh nek mlaku nang daerah berbukit..
nang padangsidempuan nganggo skuter vespa kuno, lambretta.
kuta liyane liyane kaya banda aceh, medan, pekanbaru, becake wis nganggo mesin sepeda montor anyar (honda, yamaha, suzuki)…
lha nek nang makassar… wong sing ukuran badene “jumbo” dilarang numpak becak… soale lungguhane sempit.. kangelan olehe nyeleh bokong… mungkin wong bughis iku awake pancen cilik-cilik yake...
nah kepiye kelakuane para penarik becak?
nek sampeyan kepingin dihormati… coba numpaka becak nang jogja.. sampeyan mesti diceluk radèn.. “derekaken teng malioboro nopo dèn?” .. beda jogja beda solo, priyayi solo kuwi gayane alus, tumindake anteng mriyayeni, mula ora pareng eyel-eyelan karo tukang mbecak.. nek numpak becak ora kena ngenyang.. langsung wae lungguh terus ngomong tujuane.. tekan nggone dibayar “sesuai harga” sokur-sokur ditambahi.. mesthi tukang mbecake
langsung maturnuwun…
suroboyo… kuta sing tukang mbecake wong meduro iku terkenal ngèyèle jare cirine nduro iku logis tapi gak rasional… mula gaya priyayi solo gak cocok kanggo numpak becak ndik suroboyo.. isok dijungkirno tenan sampeyan…
ngomong-omong aku wis lali ciri khas becak mediun? maklum ra tau numpak becak nang mediun, apameneh wis suwe gak mudik, terus nang jakarta wis ra tau eruh becak, lha jaman gubernur wiyogo becake dijegurno segoro, sing isik slamet didol enny beatrice (mantan bintang filem) nyang negoro londo…
salam mbecak...

7.3.05

mBek-mBekan lan tawuran..

.
Lahir lan gede nang Madiun.. ngenes ndelok cah-cah enom senengane tawuran. Mungkin aku wis gak enom meneh, wis tuwek, mula angel paham, piye nalare wong mung peguron pencak ae kok direwangi nganti toh nyawa, selagine emboke sing meteng sangang sasi nglantarne lair direwangi ngeden setengah mati, bapake sing montang manting merga nggolekne upa dinggo ngloloh karo klambi sak susuwek wae gak tau dibelani nganti ngono kuwi.
Apa untunge mbelo peguron? Wong gak tau ngekeki badogan, gak tau nyangoni duwik? Apa merga gak nduwe kebanggaan liyane mula peguron wis koyo dewa sing disembah-sembah lan dibelani nganti mati... Lha nyembah sakliyane Gusti Allah iku rak musyrik hukume tooo…
Cara ndeso biyen, gelut "mbek-mbekan" iku dolanane cah ngarit, cah angon utawa bocah ndesit sing gak mambu pendidikan. Masiyo ngono, mbek-mbekan isik nganggo aturan. Entuk mung tantang-tantangan, pisuh-pisuhan, idon-idonan utawa jotos-jotosan, piting-pitingan, banting-bantingan nang pasir nganti babak bundas. Tapi gak entuk nganggo senjata, gak entuk dibelani. Kanca-kancane sing dadi wasit gak entuk melok-melok, tapi ya gak entuk misah kecuali onok sing curang utawa onok sing wis meh mampus. Dolanan iku disebut mbek-mbekan sebab sing rumangsa kalah mbengok "mbeeek".. kaya wedus dibeleh… biasane mungsuhe terus ngerti, sing dipiting diculne... Sing nonton surak-surak, sing menang bangga dadane maju, sing kalah kisinan ingah-ingih…
Gelut sing medeni nek onok tontonan ludruk, ketoprak utawa drama ndangdut... biasane sing gelut “warokan” masalahe iso rebutan cewek, kalah main, urusan bisnis utawa merga kepidek sikile. Biasane diwiwiti padu nang nduwur panggung, merga nganggo speaker mula dirungokne wong akeh, terus antem-anteman.. kadang-kadang malah bacok-bacokan barang. Sing nonton gak wani nyedek… pada nyingkir karo mbengok “minggir, minggir, minggir kecipratan getih..”. Merga medeni, biasane sing misah pulisi ngango pistul dor, dor, dor…
Tawuran kuwi rak tukaran rombongan wong ngajak-ajak balane, dadi kaya perang... mula sasarane ora mung uwong tapi bangunan, montor lan barang liyane... sering korban nyawa karo tatanan masyarakat dadi rusak (gak tentrem, musuh nang ngendi-endi, curiga terus karo wong). Cah-cah enom kuwi nalika tawuran mesti gak mikir jero, lha piye wong tawuran merga diojok-ojoki utawa dipeksa kancane.. bareng ditakoni apa alasane nyerang.. mung lholhak-lholhok thok kaya wong pengung. Mula enek sing ngarani, tawuran kuwi merga pikiran cupet, utawa fanatik karo bolone utawa golongane dewe.. tawuran iku tandane jiwa kerdil, tandane pikiran cupet… Engko gek pikiran cupet merga ekonomine bendino ya cupet..

22.2.05

Dilulu...

Ora ono bahasa Indonesia sing pas kanggo terjemahan boso Jowo “dilulu”. Dilulu maksude dituruti kekarepane, nanging ora merga entuk kabecikan malah kapara diloropne utawa dijlomprongne. Ana bocah sing nakal banget senengane ngebut, dielingne bolak-balik gak mari malah saya ndadi. Mula wong sak kampung bosen olehe ngandani, saiki bocah iku mau dilulu. Masiyo kelakuane gak disenengi wong sekampung nanging wis ora nate dikandani malah dibombong-bombong supaya ngebut sing luwih banter lan pamer atraksi sing luwih nggegirisi. Maksude wong sekampung ora merga bangga utawa ngeman bocah mau nanging njlomprongne lan muji muga-muga ae bocah iku enggal nabrak cagak listrik sisan modar….
Ing boso Ngarab tak kira ono padane tembung dilulu, yaiku istidraj sing contone wong sing sugih nanging cethil, senengane tumidak maksiyat, nanging malah nikmate nambah-nambah terus. Wong iku dilulu dening Gusti Allah. Wong sing dilulu bakal lali purwa duksina, lupa daratan bahasa Indonesiane… Rumangsa entuk kanugrahan merga rejekine ndlidir terus, rumangsa disayang Gusti Allah merga sak polah-polahe ora nate ngrasakne ngrekoso, rumangsa tumindake wis bener terus wong ora nate rumangsa dielingake, mula ora rumansa perlu introspeksi wong ora ngrumangsani salah… akire saya suwe tumindake wong istidraj saya nalisir saka uger-uger. Yen nganti titi wancine tetep ora sadar nek klebu golongan istidraj, bakal kejlomprong marang papan kang nistha lan rasa keduwung kang tanpa upama kang dirasa..