22.2.05

Dilulu...

Ora ono bahasa Indonesia sing pas kanggo terjemahan boso Jowo “dilulu”. Dilulu maksude dituruti kekarepane, nanging ora merga entuk kabecikan malah kapara diloropne utawa dijlomprongne. Ana bocah sing nakal banget senengane ngebut, dielingne bolak-balik gak mari malah saya ndadi. Mula wong sak kampung bosen olehe ngandani, saiki bocah iku mau dilulu. Masiyo kelakuane gak disenengi wong sekampung nanging wis ora nate dikandani malah dibombong-bombong supaya ngebut sing luwih banter lan pamer atraksi sing luwih nggegirisi. Maksude wong sekampung ora merga bangga utawa ngeman bocah mau nanging njlomprongne lan muji muga-muga ae bocah iku enggal nabrak cagak listrik sisan modar….
Ing boso Ngarab tak kira ono padane tembung dilulu, yaiku istidraj sing contone wong sing sugih nanging cethil, senengane tumidak maksiyat, nanging malah nikmate nambah-nambah terus. Wong iku dilulu dening Gusti Allah. Wong sing dilulu bakal lali purwa duksina, lupa daratan bahasa Indonesiane… Rumangsa entuk kanugrahan merga rejekine ndlidir terus, rumangsa disayang Gusti Allah merga sak polah-polahe ora nate ngrasakne ngrekoso, rumangsa tumindake wis bener terus wong ora nate rumangsa dielingake, mula ora rumansa perlu introspeksi wong ora ngrumangsani salah… akire saya suwe tumindake wong istidraj saya nalisir saka uger-uger. Yen nganti titi wancine tetep ora sadar nek klebu golongan istidraj, bakal kejlomprong marang papan kang nistha lan rasa keduwung kang tanpa upama kang dirasa..