7.3.05

mBek-mBekan lan tawuran..

.
Lahir lan gede nang Madiun.. ngenes ndelok cah-cah enom senengane tawuran. Mungkin aku wis gak enom meneh, wis tuwek, mula angel paham, piye nalare wong mung peguron pencak ae kok direwangi nganti toh nyawa, selagine emboke sing meteng sangang sasi nglantarne lair direwangi ngeden setengah mati, bapake sing montang manting merga nggolekne upa dinggo ngloloh karo klambi sak susuwek wae gak tau dibelani nganti ngono kuwi.
Apa untunge mbelo peguron? Wong gak tau ngekeki badogan, gak tau nyangoni duwik? Apa merga gak nduwe kebanggaan liyane mula peguron wis koyo dewa sing disembah-sembah lan dibelani nganti mati... Lha nyembah sakliyane Gusti Allah iku rak musyrik hukume tooo…
Cara ndeso biyen, gelut "mbek-mbekan" iku dolanane cah ngarit, cah angon utawa bocah ndesit sing gak mambu pendidikan. Masiyo ngono, mbek-mbekan isik nganggo aturan. Entuk mung tantang-tantangan, pisuh-pisuhan, idon-idonan utawa jotos-jotosan, piting-pitingan, banting-bantingan nang pasir nganti babak bundas. Tapi gak entuk nganggo senjata, gak entuk dibelani. Kanca-kancane sing dadi wasit gak entuk melok-melok, tapi ya gak entuk misah kecuali onok sing curang utawa onok sing wis meh mampus. Dolanan iku disebut mbek-mbekan sebab sing rumangsa kalah mbengok "mbeeek".. kaya wedus dibeleh… biasane mungsuhe terus ngerti, sing dipiting diculne... Sing nonton surak-surak, sing menang bangga dadane maju, sing kalah kisinan ingah-ingih…
Gelut sing medeni nek onok tontonan ludruk, ketoprak utawa drama ndangdut... biasane sing gelut “warokan” masalahe iso rebutan cewek, kalah main, urusan bisnis utawa merga kepidek sikile. Biasane diwiwiti padu nang nduwur panggung, merga nganggo speaker mula dirungokne wong akeh, terus antem-anteman.. kadang-kadang malah bacok-bacokan barang. Sing nonton gak wani nyedek… pada nyingkir karo mbengok “minggir, minggir, minggir kecipratan getih..”. Merga medeni, biasane sing misah pulisi ngango pistul dor, dor, dor…
Tawuran kuwi rak tukaran rombongan wong ngajak-ajak balane, dadi kaya perang... mula sasarane ora mung uwong tapi bangunan, montor lan barang liyane... sering korban nyawa karo tatanan masyarakat dadi rusak (gak tentrem, musuh nang ngendi-endi, curiga terus karo wong). Cah-cah enom kuwi nalika tawuran mesti gak mikir jero, lha piye wong tawuran merga diojok-ojoki utawa dipeksa kancane.. bareng ditakoni apa alasane nyerang.. mung lholhak-lholhok thok kaya wong pengung. Mula enek sing ngarani, tawuran kuwi merga pikiran cupet, utawa fanatik karo bolone utawa golongane dewe.. tawuran iku tandane jiwa kerdil, tandane pikiran cupet… Engko gek pikiran cupet merga ekonomine bendino ya cupet..