5.9.06

sandyakalaning budaya jawa?

wong jawa kuwi kaya glempo, gelem dadi wadhah lan gelem nampani apa bae.. pancen wong jawa pancen dudu penduduk asli, imigran saka hindia belakang, nanging wis duwe kepercayaan asli. nalika ana wong hindu saka india pada menyang tanah jawa, saka pergaulan, wong jawa padha melu dadi hindu. buktine akeh peninggalan situs candi prasasti lan liya-liyane sing mambu hindu ing tanah jawa iki. disusul wong budha sing uga saka india, wong jawa ya ana sing melok budha. buktine borobudur keajaiban dunia embuh sing nomer piro iku, madeg megah ing tengah-tengahing tanah jawa.

bareng lan angslupe majapahit sing tandhane candrasengkala “sirna ilang kertaning bumi”, ing tlatah tuban lan sak kiwatengene para pedagang saka gujarat lan parsi dibantu para wali wis ngajari ngibadah islam. merga para wali nglarang nggambar barang sing duwe nyawa, banjur ana sebagian seniman jawa sing kabotan, mula banjur milih lunga saka istana munggah gunung tengger lan sebagian meneh nyabrang menyang tanah bali terus berkarya nganti saiki. nanging wong jawa gelem nampa ajaran anyar iku, akhire bumi tanah jawa ratune duwe julukan “sayidin panatagama kalifatullah ing tanah jawa” saben ngarep kraton ana alun-alune, kulone mesjid mburine kampung kauman, sing penghunine para santri. nalika jaman londo njajah.. sebagian wong jowo ana uga sing melu londo saben pekan nang nggreja...

pancen nurut sejarah owah-owahan iku gak mulus tapi tetep ana konflike. contone konflik wangsa sanjaya - syailendra, raden patah - brawijaya, sabdo palon noyo genggong - sunan bonang, lsp. nanging merga wong jawa iku “andap asor lembah manah mendem jero mikul duwur” mula konflik masalalu iku isik bisa terkendali lan akhire kekubur jero.. nalika republik indonesia berdiri, wong jawa ngalah meneh... lilo legowo nampa bahasa melayu dadi “bahasa nasional” merga luwih sederhana, simpel, gak nganggo anggah-ungguh lan aturan njlimet, dene basa jawa cukup dadi bahasa pergaulan lesan ae...

nek weruh crito ngono kuwi, kita kudu ngurmati para leluhur kita sing duwe sikap lan laku satriya.. lha wong ngalami owah-owahan kepercayaan bolak-bali ngono kok ora ngalami konflik sing kebablasen. iku dadi bukti nek wong jawa iku terbuka alias open minded, mikul duwur mendhem jero. wong jawa uga gelem ngalah sing tujuane kanggo kabecikane wong akeh, sebab duwe prinsip “ngalah bakal luhur wekasane”. ngalah ora berarti kalah. iki tata nilai luhur sing dadi gondhelane para leluhur kita...

lha.... geneya saiki kok kaya bumi lan langit... padha-padha pemangsa sego pecel ae bisa bandhem-bandheman watu, pada mbadhog thiwule santhet-santhetan, pada nggragas jagung bacok-bacokan clurit? apa merga wong jawa saiki wis padha ilang jawane? nek bener ilang, kena apa bisa ilang?

nek soal ilange budaya jawa, iku merga para muda wis ora nganggep jawa sawijining budaya sing ngandung tata nilai sing bisa kanggo mbentuk peradaban. wong jawa dianggep mustahil mampu mbangun masyarakat beradab utawa disebut “masyarakat madani” ngono kae. bayangane budaya jawa selama ini ya mung bangsane menyan, kembang, klenik, klembak, susur, mat-matan, leyeh-leyeh, nglaras, metheti perkutut manggung, lsp.

iki salahe generasi biyen juga sing gak bisa menterjemahkan budaya jawa nganggo basa kontemporer sing bisa dipahami lan bisa njawab kebutuhan cah saiki. sajake ana kesenjangan, sing tuwa mati-matian njaga aja nganti budaya jawa dicemari karo pengaruh luar, sing muda nganggep budaya jawa mung pantes dadi isen-isening museum nggo klangenan sebab gak bisa dienggo neng kanggo kehidupan modern sehari-hari...

padahal budaya iku penting kanggo mbangun bangsa, jepang sing wis maju isik njaga budaya asline, cina lagi bangkit tapi berangkat saka budaya asline. budaya asli iku “identitas” utawa ciri wanci gawan bayi sing gak bisa ditinggal. wong dadi juwara ing bidang apa ae merga dadi awake dewe (jadi dirinya sendiri), dudu merga niru, sak hebat-hebate plagiat alias pengkopi gak bakalan ngalahne asline. pancen niru perlu kanggo proses belajar utawa kanggo ide dasar tapi dikembangne nganggo kreasine dewe.

wong jawa gak bakal bisa niru dadi londo, merga nek mangan keju lan ngombe susu bakalan mules wetenge. wong jawa gak bakal dadi arab merga nek sedina mung kelebon kurmo telu bakal klintiran wetenge. sing jeneng kemlanda-mlanda, kemarab-marab mesthi gak ono pantese malah marahi diguyu tengu. biasane wong niru rak mung kulite thok semangat lan moralitase kagak, dipilih sing enak lan penak terus ditiru sing angel boro-boro paling dibuwang nang kali bareng metu mburi. sok kemlondo modale mung ngecet rambut, pakaian ngeropah, wewangian impor, gaya songong, ngomong cas-cis-cus.... tapi kerja keras, totalitas (gak tanggung-tanggung), disiplin, mandiri, sing khas wong bule blas gak dienggo... londo nanggung tur wis kelangan identitas asli iki ibarate godong jati garing, kabur kanginan, kemleyang ceblok nang lemah bengkah.. krusak-krusek.

wis tumeka ing jamane krisis budaya... ora mung unggah-ungguh, sopan santun, ngajeni wong liya ae sing wis luntur.. tapi sajake uga tenggang rasa sing nyebabne wong gampang dikompori, geni konflik horizontal mulad-mulad ing ngendi-endi.

nek ngene terus-terusan, gak aneh.... ora suwe maneh bakal ana “sirna ilang kertaning bumi” jilid kedua.... yaiku negara indonesia lan tanah jawa iki ilang saka peta dunia..
amit-amit jabang bayi... cara arabe naudzublillah..