29.11.06

Tulisan Jawa

Ana satus jutaan wong sing nggunakne Bahasa Jawa, sumebar wiwit Jawa (Tengah, Timur, DKI Jakarta, Jawa Barat, DI Jogja), Lampung, Medan Deli, Suriname, Afrika Selatan, dll. Luwih akeh sing nggunakne Bahasa Jawa ketimbang sing nggunakne Bahasa Itali. Nanging, basa Jawa mung kari basa lesan, buku, koran utawa majalah bahasa Jawa mung kari Jayabaya karo Penyebar Semangat, ana sing anyar Damarjati (Jakarta) sing uripe enggrik-enggriken, ana uga suplemen (lembar sisipan seminggu sekali) ing koran Kedaulatan Rakyat Jogja karo Suara Merdeka Semarang. Wis arang ana penerbit sing nekat nerbitne buku fiksi apameneh ilmiah ing Basa Jawa, sebab mesthi gak payune. Pengarang Jawa dewe wis ora kersa nulis ing basa Jawa meneh, blog khusus basa Jawa ya termasuk barang langka.
Pancen nulis basa Jawa kuwi repot, wong utawa bocah sing ora biasa ngomong bahasa Jawa bakal kangelan maca tulisan basa Jawa. Hurup "vokal"-e wae ana enem: a, ao, i, u, é (sate), o, ê (pêlêm matêng) lan è (bèbèk èlèk). Huruf "d" ana sing d (dada) karo d (kandel) huruf t ana t (ketan) karo t (kethak). Jaman mesin cetak letter press, sawetara huruf dibedakne nganggo diwehi titik ngisore. Merga mesin ketik angel gawe titik ngisor, ing pembakuan anyar ditambah "h" dadi "th" lan "dh.
Saiki jaman komputer sing ana kode ASCII, kudune huruf-huruf khusus apawae bisa diganti, tapi nyatane durung ana upaya pembakuan maneh sing luwih tepat nganti saiki.
Penulisan vokal "a" (balak) karo "a" (bala bantuan) isih rancu, kota "Solo"ana sing nulis Sala tapi ana sing nulis Solo, mula ana sing ngarani kota "Solo" (diwaca kaya "sop") tapi ana sing ngarani "Sala" diwaca kaya huruf o ing tembung "bolong").
Merga tulisan Jawa baku isih kurang aplikakatif, mula sing dudu wong Jawalan biasa ngomong Jawa, menawa maca tulisan bahasa Jawa bakal marahi ngguyu. "Coro loro lara" (bahasa Indonesiane kecoak dua sakit tapi bisa dua cara sakit). "Bojo lara" (isteri sakit) karo "bojo loro" (isteri dua) bisa jumbuk senajan artine beda banget. Mula kudune para ahli Basa Jawa perlu golek pengganti "a" sing pas lan secara teknis gampang. Biyen nate dicoba kondisi default a dianggep "ao" nek "a" kaya bahasa Indonesia digaris ngisore.
Tata cara penulisan bahasa Jawa baku sing saiki nurut aku kurang sreg, soale rancu utawa gak konsisten. Contone tambahan "h" kanggo ngganti titik ngisor ing "d", soale marahi bingung. Ing teks bahasa Indonesia, "dada".dibaca "dada", tapi nek iku Bahasa Jawa, supaya unine pada karo sing bahasa Indonesia kudu ditulis "dhadha"? Lho piye taaa.. mosok unine padha tulisane beda?
Nek aku entuk usul, "dada" ing tulisan Jawa tetep ditulis "dada". Nembe bahasa Indoesiane "berani" diterjemahne bahasa Jawa "kendhel". Nanging "pisau tumpul" basa Jawane ditulis "peso kethul", soale nek ditulis "pangot ketul" berarti "obat batuk" (obat watuk) diwaca "obat bathuk" (obat jidat).
Ideale bahasa jawa bisa dilambangne karo tulisan sing persis ya nganggo aksara Jawa alias Carakan. Pancen iki jare dudu asli, tapi impor dengan agen tunggal pemegang merek eyang Ajisaka. Wis arang-arang wong ngerti carakan. Sisa Carakan kari sithik ing jeneng jalan lan tempat ing Solo utawa Jogja utawa nggo walikan gaya Jogja. Hare gene sapa sing isik gelem sinau carakan? Wong aku produk tahun seket akhir awal tahun sewidakan wis nunak-nunuk nek kon maca aksara carakan.. hanacaraka datasawala padajayanya magabathanga apa honocoroko dotosowolo podhojoyonyo mogobothongo...
Pancen isih ana upaya nglebokne carakan iki nang UNICODE, nanging apa iya nek wis kasil mlebu terus dijamin carakan bakal berkembang soale bakal bisa nulis Jawa nganggo kibor, apa banjur ana Windows versi Honocoroko utawa ngirim SMS nganggo tulisan Jawa?
Carakan gak bisa dipadakne huruf kanji, Mandarin utawa Arab sing isih dienggo lan berkembang nganti saiki. Saiki isik akeh buku nganti brosur penggunaan alat utawa bahan nganggo huruf Kanji, Cina, utawa Arab. tapi endi ana buku utawa brosur utawa poster peringatan terbitan anyar sing ditulis nganggo aksara Jawa???.

26.11.06

Di elap pindho....

Lambang kumpeni duweke keluarga mbah Bakrie arupa goresan kuas utawa tipak lap-lapan ping pindo.. sret-sret, nang nduwure gambar rasi "lintang luku" muncrat. Ndilalah, Lapindo Brantas Inc. iku salah sijine sing "terlibat" karo bencana lumpur muncrat ing Porong Sidoarjo. Kilas balik sithik... nalika negara iki kena krisis ing tahun 1998, keluargane mbah Bakrie ngaplo, kabeh bandha donyane dikuwasani wong liya. Nanging nalika akhire keluarga mBah Bakrie bibrik-bibrik usaha meneh lan akhire bisa tangi jenggelek meneh lumantar tambang batubara, lengo lan gas.
Nanging... paribasane idu (wong nginang) durung abang, ujug-ujug mak jegagik bali meneh, "kesandhung" blethok endhut ing tlatah Porong Sidoarjo, kaya mBah Buto Ijo sing lagi nguber Timun Emas kudu mandeg merga kepapak blethok endut malihane trasi Sidoarjo. Aku gak wani ndhisiki kersane Gusti, nek iku pertandane nek keluargane bakal kena "lap ping pindo " utawa malah nuwun sewu.... "kolaps ping pindo?". Soale arep kepiye wae, keluarga mau bakal gampang lepas saka "blethok endhut Lapindo" ketimbang warga Siring, Renokenongo, Jatirejo, Mindi, lan tlatah sakiwatengene kang mung bisa pasrah karo Gusti Allah.
Kocap kacarita nalika awal bencana iku ana Abah Anas.. kyai limpat saka desa Jatirejo, "mokong" ora kersa ngungsi nalika pondoke wiwit kedayohan endhut blethok. Nalika dibujuk karo utusane priyagung binathara wae deweke nolak "ola apa koen ketemu aku, luwih apik tataen ae atimu". Dhawuh sing multi tafsir, bisa wae saka rasa emosional mBah Kyai nanging bisa uga saka kawskitaning beliau.

Sakwise golek sisik melik lan dadi seksi kahanan ing tlatah kono, melu sadhar menawa kita kudu nata awak, nata ati lan nata rasa. Nembe wae, aku numpak sepur Lumpur ninggalake stasiun Porong nuju Surabaya, wis nampa SMS menawa ada pipa gas Pertamina sing njebluk ing lokasi endhut. Duh... bencana kok lumintu susul-sumusul ora ana pedhote? Nanging alhamdulillah... aku ora dadi titah sing kepilih terlibat utawa dadi seksi njebluke pipa mau. Kabeh wis diatur Gusti. Titah mung entuk tugas supaya tata-tata, nata ati supaya ora serakah anggone eksploitasi alam, nata atine dhewe supaya luwih empati marang sengsaraning sesami, nata sikap supaya tansah duwe panyangka apik marang Gusti kang Ngatur Lelakon, nata awak supaya luwih siap ngadhepi sakabehing bencana.
Gusti Allah ya wis ngatur kapan bencana lumpur endhut iki lunga, bisa wae sesuk esuk wis sirna nanging bisa wae tambah tansaya ndadra. Ora ana sing ngerti, apa warga Porong bakal menderita sawatara dina meneh, sawatara minggu, sawatara wulan, setahun, sepuluh, atusan tahun, nganti dina kiamat.
Sebagian desa Jatirejo, Siring, dan sebagian Renokenongo wis ambles ing blethok endhut, desa Mindi, Pejarakan lan desa sekitar liyane mung kari nunggu wektu nyusul merga ndledeke endhut panas durung surut malah kepara tambah gedhe. Omah, sekolah, pabrik, bangunan pemerintah, papan manembah, kuburan wis klelep. Di tlatah mau, ora ana maneh tanda kampung warisan leluhur, ora ana maneh papan bersejarah yang bisa miyak kenangan jaman bocah, ora ana maneh panggonan dolanan jaman bocah biyen, bukti tinggalan leluhur wis sirna klelep ing dasare telaga lumpur. Doyok Sudarmaji-nangis ngguguk nalika ana kesempatan terakhir nyekar leluhure ing makam Siring sing saiki wis ilang ing dasare bumi. Pondok Abah Anas mung kari wuwung lan mustaka masjid. Para santri pada bibar, mas Joko Sampurno utawa pak Sapari dadi tukang ojek ngrangkep guide wong sing kepingin ngerti lokasi bencana. "Omahku sing tak saya bangun tahunan saka nyelengi sithik-sithik wis ilang digawa lumpur. Aku gak duwe apa-apa meneh, biyen isih bisa dagang cilik-cilikan ing desa Jatirejo saiki mung bisa nyadhong duwik lauk pauk saka lapindo ing Bank Mandiri. Mas Joko lan pak Sapari sawijining conto lugu dan jujure warga korban. Nalika tugase dadi tukang ojek lan pemanduku nyusur pinggir telaga lumpur "nembus" barikade petugas sing ketat nalika tim evakuasi nggoleki mayit korban ledakan, nalika ditakoni kudu dibayar pira mung bisa matur "terserah Bapak mawon". Jawaban iku sing marahi aku terharu. Pancen ana alangan sithik, nalika aku sholat maghrib ing stasiun Porong, sepatu butut dan gluprutku ana sing kepingin, namun tak kira apa entuke olehku tumeka ing Porong iki luwih duwe nilai ketimbang sepasang sepatu gluprut butut....

14.11.06

rawuh kanthi slamet eh... pak niko dhing..

rencana sing bola-bali tertunda merga gaweyan, akhire sabtu 11/11/2006 esuk kelakon yaiku nginguk adhiku sing lagi ngathang-athang ing intermediate care omah sakit (eh kudune omah sehat) sing nate dianggo ngrawat abu bakar ba'asyir lan uga ana tangane amien rais ing jalan ronggowarsito no 130 solo..
jam wolu seprapat dewekan nyengklak bis damri saka terminal rawamangun, nggeblas liwat dalan tol tumuju marang lapangan montor muluk sing dumunung ing kampung cengkareng, kabupaten tangerang, propinsi mbanten. iki perjalanan untung-untungan lha wong tenane, karcis sing dianggo numpak montor muluk aku ya durung nyekel. sakjane wingi wis ngubungi sawetara agen plesiran, tapi mbokmenawa merga dina akhir minggu mula kabeh wis pada ora bisa nggolekne karcis montor muluk kanggo aku.
jam sanga seprapat wis tumeka ing parkirane montor muluk gambar liong, aku banjur mudhun, sapa ngerti montor sing nate kacilakan ing solo iki isih nyisani kursi kosong kanggo awak mami.. kaya sing wis tak kira montor muluk merek iki kursine wis dipesen kabeh, padahal wis ngalah, umpama gak entuk sing jurusan surakarta, jurusan semarang apa njogja aku ya gelem kok, sing penting edhak solo…
mula koper enggal tak seret menyang nang parkirane montor muluk liyane.. pilihane menyang merek sriwijaya.. kandhane mbak sing njaga karcis, jurusan adisumarmo solo saiki wis ancang-ancang arep mabur, ana maneh engko jam sewelas awan tapi kursine ya wis entek (embuh sapa sing mbrakoti), ana maneh sing jam limo sore, tapi jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon... ana kursi cadangan tegese bisa katut bisa ora, tur regane sing paling larang…
wis pupus pengarep-arepku bisa weruh kahanan adhiku ing dina iki.. lagi ae mingket saka konter karcis sriwijaya arep golek alternatif (dudu pengobatan ae sing nganggo alternatif).. ujug-ujug ketemu karo "si abang" (saka logate ngomong) sing nyanggupi ngusahakne tiket sriwijoyo sing wis ancang-ancang miber iku... weleh..…
ya wis ah nekat-nekatan... aku manthuk, deweke terus ngetokne piranti "gineng sambung benek" merek nokia, mencet angka-angka.. terus ngomong sedhela.. terus age-age aku dijak, embuh nganggo ngelmu apa.. aku kaya kebo ditarik keluhane, semrinthil mlebu ruang pengecekan (eh terjemahane cek-in). pak satpam sing biasane galak ya manut bae karo si abang.. aku dimanggakne pak satpam kon mlebu senajan durung nyekel tiket.
tekan ngarep nggo cek-in. ana "kokoh" (saka praupan lan pawakane) sing nyerahne tiket menyang si abang terus dioper menyang aku. sesuai permintaan terus tak bayar jreng mangatus ewu (padha karo rega sing tertulis) ditambah pajek terminal telungpuluh ewu… cuma tanpa slametan jenang abang utawa jajan pasar aku kudu ganti identitas dadi mr. niko lemiena... embuh kuwi jenenge sapa, mungkin juga jenenge "kokoh"sing nyerahne tiket menyang si abang mau... aku ora peduli pokoke katut kegawa mabur nang solo...
terus aku dikongkon mlayu menyang lawang mlebu badhane montor muluk dipandu karo petugas resmi (merga nganggo tanda karo nyekel alat guneman sing biasa dicekel petugas kemanan) ako dikongkon mlayu cepet merga aku wis ditunggu... aku dipandu liwat dalan sing ora umum, nrabas-nrabas.. untung gawan ya mung tas cilik, tur rada biasa playon.. angger ketemu petugas liyane sing arep nyegah utawa nakoni aku, cukup diwenehi isyarat karo petugas sing ngawal wong vvip iki langsung tanpa kakehan pertingsing mung manut bae...
akire "penumpang vvip mr lemeina" iki wis mlebu lambunge montor muluk, merga kondisine wis ancang-ancang arep mabur, gawanku diseleh ing kotak khusus dadi siji karo pilot lan mbak-mbak pramugari… (mula aku rada sujono: si abang, petugas lan awak kabin mesthi wis ana kerjasama nalika nylundupne penumpang vvip gelap sing jenenge mr niko lemeina.. he,he,he).
bareng aku wis bisa lungguh tenang ing kursi a2, cedhak cendela kiwa, aku sempat ngilang-ilingi, eee... iki pesawat gaweyan dina rebo-paing (pabrik "boeing" maksude).. terus tak delok ketoke tunggal model karo mandala pk-rim sing ngeden gagal miber nang medan merga kabotan duren biyen iku.. ujug-ujug mak deg atiku, untung jantungku isik lumayan sehat.. tansaya deg-degan nalika kelingan nek "kangucup" nang daftar penumpang gak tercantum merga sing lungguh iki atas nama pak niko lemeina..
mula tak wanek-wanekne, aku nyolong... nalika montor muluk wiwit mlaku muter menyang landasan, aku nyoba kirim sms singkat (alias kirim pesan singkat sing singkat) nang adik sing nang surabaya lan anan bojo ing omah.. "mangkat slo by sriwijaya 9.30".. bareng bisa send, rada plong atiku.. terus ndonga dremimil… akhire krungu pilot adiyanto (nek gak salah) siaran supaya mbak pramugari "in landing position"... lan montor muluk alon-alon mudhun ing bantala solo...
alhamdulilah, matur nuwun gusti, aku wis bisa tumapak ing tanah adisumarmo kanthi slamet.. padahal sakdurunge wis krungu nek kyai slamet --kebo bule saka kraton solo--- mati merga kepanasen…