21.8.06

"Pakbo letus" apa "lenggok sunder"

Jaman biyen nalika revolusi telekomunikasi massa elektronika durung mampir nang desaku, komunikasi lisan dadi media penerangan. Embah kakung salah sawijining nara sumber sing kompeten kanggoku. Aku dudu putu sing paling disayang merga kebandelanku nalika isik cilik, nanging merga omahku cedhak, mula sering ketemu lan termasuk crigis seneng takon ini-itu, mula secara tidak langsung sering entuk ilmu saka mbahkungku iku. Mbah Kung ngerti petung jawa kaya buku primbon, deweke sawijining wong pertama sing tak kenal sing duwe buku agenda, biasane angger ana peristiwa penting ditulis nang gebyog mburi nganggo kapur putih. Mulai lindhu gedhe, gerhana, udan awu, kelahiran, sripah, lsp dicathet nang gebyog iku.
Salah siji kekaremane simbahku yaiku bedhekan utawa cangkriman. Werna-wera bedhekan sing tujuane kanggo hiburan utawa ngisi wektu. Bedhekan utawa teka-teki sing nggambarne situasi jaman iku, sing mbokmenawa angel dimengerti karo bocah saiki. Jaman kuwi buah-buahan isik akeh, mula ana bedhekan “rukning mbuteng” ati-ati aja kepleset nyebut barang saru, nanging sing dimaksud “jeruk kuning jambu mateng”. Ana meneh “lenggok sunder”, yaiku “celeng menggok asune nyander”. “Pak bo letus”, utawa “tipak kebo lelene satus” wah jaman biyen nang butuh lele satus cukup njupuk nang ngisor tipak kebo ae, saiki nek kepingin lele kudu tuku nang pasar.
Ana meneh sing plesetan bahasa inggris, contone “little money” dudu “duwik receh” tapi “silit gatel didamoni” kebiasaan cah cilik jaman biyen yaiku totor nang ngarep geni bediyang karo kukur-kukur gudig utawa ndamoni silite kancane sing gatel.. rasane isis-isis enaaaak.
Jaman transportasi isik nganggo jaran, lan para ndoro tuwan isik gelem nitih dokar ana bedekan “ran tut day sir, sir tut day one, wan tut day blas” yaiku nggambarne hirarki entut berut, Sing nate numpak dokar mesthi ngerti nek jaran sering ngentut, mula ana sing kreatif gawe bedhekan sing artine jaran ngentut tadhahi kusir kusir ngentut tadhahi tuwan tuwan ngentut tadahi… bablas…
Cah ndesa familiar karo tai wedhus, mungkin nate ngemplok nalika mbakar mlinjo, terus dadi guyonan lewat bedhekan "idus tallen, iring nganen" utawa "tai wedus untalen tai garing panganen".. biasa ditambahi meneg "burnas kopen" utawa "bubur panas kokoben"
Ana "lantungi ngetuuuan" ... bulan metu bengi srengenge metu awan, "suru blegitu".. asu turu diblegi watu, "ku ciktu ling".. aku mancik watu nggoling.. dadi pertanda jaman iku cah ndesa memperhatikan lingkungan....