8.9.07

Sabar lan legowo...

Sabar iku legowo nampa apa anane miturut porsi utawa usahane dewe-dewe, lan lahir saka jiwa sing tumaninah. Merga sabar iku salah sawijining wujud rasa syukur, mula Gusti Alloh ngasihi marang wong kang sabar. Saumpamane sampeyan mung dadi tukang mbecak ya kudu sabar lan legowo, aja nuntut supaya penghasilane padha karo pak Direktur, sampeyan nembe entuk nuntut gaji Direktur nek pancen wis dadi Direktur temenan.

Kesusu iku tegese kumudu-mudu entuk, "nggege mangsa" nrabas dalan pintas sing ora sak benere, utawa ngrasakne sakdurunge tekan wayahe utawa gilirane, utawa ngehaki duweke liyan sing dudu porsine. Pancen kesusu, kemudu lan meri karo duweke liyan iku asal-usule dosa. Laku maling, ngenthit, ngutil, nyopet, korupsi, ngrampok, nyrobot, lan liya-liyane iku kabeh bibite saka ora bisa ngatur kesabaran.

Ing masyarakat sing tatanane isik "amburadul" yaiku sing isik menehi ruang gerak marang tukang srobot lan rayahan, sing sabar bakal gak kumanan, mula jiwa sabar bakal mati lan dadi barang langka. Sebalike nang masyarakat sing wis tumata becik lan mateng sing bisa mbatesi ruang gerak tukang srobot, lan ana jaminan yen sing sabar masiyo ora melu rebutan lan rayahan pasti entuk bageyan... jiwa sabar bakal subur lan ngrembaka....

Sabar iku nrima miturut porsine, nanging dudu berarti nyerah utawa ngaku kalah, nanging tetep tangguh ngadhepi sadhengah alangan nalika nembe berjuang. Contone... ana sing durung entuk gaweyan, sabar iku ora kok berarti mung meneng thok tanpa usaha, nek dicelathu jawabe "sing penting rak wis sabar ta Pak, wong sabar kan luhur wekasane...".
No way, mung njagakne rejeki saka langit iku dudu sabar, tapi kurang ajar karo Gusti Aloh, merga bisa diarani nantang "nek pancen Gusti Alloh kuwasa mesthine rak bisa lah ngerubah aku sing penggangguran iki tanpa usaha langsung dadi konglomerat... iso mboten njenengan??". Naudzubillahi min dzalik....

Wis berusaha bolak-balik nanging tetep durung berhasil.. ya sing sabar, maksude gak terus nglokro tapi bangkit usaha meneh.... nek wis mlaku thimik-thimik terus kesandhung nganti tiba krungkeb, langsung tangi njenggelek meneh, terus tumindak alon-alon... nek wis terbukti nganggo satu cara gagal, ya kudu dicoba cara liyane, nang usaha bolak-balik nang satu bidang gagal terus ya usaha nang bidang liyane. Pokoke aja nganti nyerah, lempar anduk.... Nah iku sabar sejati.. sebab sabar iku dudu mung esuk-esuk thenguk-thenguk nang cakruk ngarep-arep bisa nemu gethuk sak pincuk...
wallahu a'lam