26.2.08

Sekolah kanggo bocah "ndhugal"

Tinimbang ndelok sinetron perselingkuhan, gossip artis utawa variety show sing mboseni, akhire pindah kanal alternatip. Disamping bisa kanggo ya-megaya, ethok-ethok nglatih kuping krungu basa keju (masiyo mangane ya "uwi mbolo"), jebul akeh piwulang sing bisa dijupuk saka tontonan iku (Nek istilahe bung Harmoko "tontonan yang bisa dijadikan tuntunan") .

Ndilalah nyangkut nang kanal Discovery, kepilut giyaran "Gateway Asia: Brat Academy"... Nek jare aku academy kuwi kok memper IPDN, nanging ing Negara Cina lan gak ana kekejaman senior menyang yunior (miturut penelusuran saka primbon mBah Kyai Google jare filem sejam iku karyane produser lokal Cina, maksude dudu wong bule).

Prologe tayangan mau Negara Cina sing ekonomine maju pesat, nanging kaya umume bangsa sing nembe berkembang, ngadepi masalah sosial sing serius khususe ing kalangan generasi muda Tansaya akeh remaja sing "bermasalah" kaya seneng mabuk, madhat narkoba, ugal-ugalan, meteng di luar ningkah, seks bebas, lan kenakalan liyane.

Ngadepi masalah cah ndugal utawa nek wong Jawa Timur ngarani "arek mbethik" ngono iku sawatara kalangan pendidik nawarake solusi arupa sekolah khusus sing dirancang kaya kamp militer. Teorine nglatih bocah suwene setahunan kanthi disiplin lan kegiatan militer dianggep dadi cara sing manjur kanggo ngajari bocah sing wiwitane "luput suwuk" utawa "kaya gombal lap kompor lenga patra maksude dikumbah ora teles diobong ora murub" bisa duwe rasa disiplin lan gelem tanggung jawab. Sing luwih penting ing tembe mburine dadi uwong dewasa sing berguna kanggo keluarga, lingkungan, masyarakat, bangsa dan negara, lsp.

Jebule sekolah iku ora murah (biayane 35.000 Yuan utawa kira-kira Rp 35 juta-an kanggo setahun), mula sing bisa nglebokne anake ing sekolah iku ya mung keluraga kelas menengah ke atas.

Salah sijine sekolah cah ndugal sing paling ngetop dipimpin dening tokoh kharismatik jenenge pak Xu Xiangyang. Gaya rambute cepak klimis, nek nganggo kacamatane bunder model John Lennon ketok wibawane minangka Kepala Sekolah.

Kurikulume beda karo sekolah biasa, ora ana ruang kelas sinaune ing ndalan. Murid-murid mau dijak konvoi numpak truk militer pindah-pindah tempat, ndelok tempat-tempat bersejarah utawa tempat liyane. Intine bocah-bocah iku dadi adoh saka omah lan pisah karo wong tuwane. Ora mung numpak truk karo mlaku-mlaku thok, tapi kudu mandiri, misale bubar mangan kudu ngisahi piring dewe, ngumbah klambi dewe, nyetrika dewe mberesi tempat tidur dewe. Lucu banget nalika ana sing diajari nglempit klambi wae ora bisa, ketok nek bocah mau ing ngomah ora nate nandangi gaweyan sepele-sepele kaya mau… kan isih bisa kongkonan si Inem... he,he,he...

Mangan lan turune ya ing truk iku. Sing abot ana ritual napak tilas sejarah Cina, yaiku “long march”, saben dina minimal mlaku patangpuluh kilo, sampek sekolahe pak Xu mau dijuluki “Sekolah Mlaku”. Mlaku iku kaya pemanasan merga ana aktivitas liyane kaya outbond utawa kepramukaan yaiku nindakne tugas-tugas sing wis disiapne instruktur…. Jare instrukture, mlaku lan urip bareng kancane mau kanggo ngajari supaya bocah-bocah duwe kesadaran nek arep nggayuh apa wae kudu nganggo usaha lan butuh bantuane wong liya.. gampange ngikis sifat kesèt (malas) lan egois...

Ing tayangan iku ana ilustrasi cewek ABG (14 tahunan) sing mbangkang nekat metu saka sekolah. Disidang karo wong tuwane lan instrukture. Ketok ibune tipe cerewet lan kurang sabaran ngadhepi anake (typical ibu-ibu kali yaaa). Suara hati ABG mau ketoke gak beda karo bocah sak umurane deweke ing sakiwe tengene awak dewe (bisa wae ponakan, tangga utawa malah anak dewe).

Contone:
“Aku kepingin dadi awakku dewe, aku sing tanggung jawab lan milih besuk arep dadi apa”. “Saumpamane aku manut karo ibu, apa ibu njamin nek uripku mbesuk bakal kepenak".
"Apa gunane sekolah, wong ana sing gak sekolah tapi uripe ya kepenak”.
“Wis... aja ngurusi aku, aku iso ngurus awakku dewe” ngono kira-kira (merga omonge basa Cina, bisaku mung maca tulisan.. he,he,he).
Pancen mirip karo dongeng legenda Cino “Na-cha”, bocah pembangkang sing akhire malah dadi penolong wong tuwane, ing tayangan iku akhire si ABG ya gelem sekolah meneh lan sadar menawa sekolah iku penting kanggo masa depane... ketok nganggo seragam militer noleh menyang kamera karo mesem.
“Aku pasrah bongkokan pokoke anakku sampeyan dadekne bocah sing bisa njaga namane wong tuwa” ature si Ibu nalika masrahne anake.
“Tak estokne Bu, anak sampeyan bakal tak jaga lan tak dadekne bocah sing utama” ature pak Xu Xiangyang tegas. tancep kayon.

Tayangan rampung.... nanging isik ana pitakonan sing nggandhul ing pikiranku “Gampang ngapura marang kesalahane bocah, "nguja" utawa nuruti apa wae karepe bocah, malah bisa njlomprongne, merga marahi bocah mung njagakne karo wong tuwane (gak mandiri), ora duwe disiplin, gak duwe rasa tanggung jawab, akhire malah dadi "biang masalah" ing sadhengah papan.

Nanging ngajari disiplin iku apa kudu kaya militer ngono kuwi? Tak kira latihan disiplin pancen penting, nanging perlu diimbangi karo menehi pengertian lan kesadaran. Ngajari supaya bocah nindakne tumindak becik lan ninggalne panggawe ala perlu dibarengi pangerten geneya deweke kudu nindakne iki lan nyangapa deweke gak entuk nindakne iku, kanthi reason sing bisa tinemu nalare bocah. Teori sih gampang.... praktek.... hhuuuangel tenan.

Xu Xiangyang quote: