14.2.11

Sawijining wektu, ing pojok pasar Medinah

Ing sawijining dina sakwise Kanjeng Nabi Muhammad SAW seda, Abubakar r.a tindak menyang dalemé putriné yaiku Aisyah r.ha. terus nyuwun pirsa menyang putrine, "Anakku Aisyah, apa ana sunnah-é kekasihku (maksude Kanjeng Nabi Muhammad SAW) sing durung tak tindakné?"

Aisyah r.ha. matur marang ramané, "Duh rama pepunden kula, tuhu panjenengan salah sawijining ahli sunnah, prasasat sedaya sunnahipun Kanjeng Nabi sampun panjenengan tindakaken, namung setunggal mbokmenawi ingkang rama dereng panjenengan nindakaken"

Krungu aturé putrine mau Abubakar r.a. adreng (penasaran), "Enggal matura, apa kuwi sunnah sing durung tak tindakné?"

“Duh rama… saben enjing Rasulullah SAW punika tansah dateng pojokan pasar Medinah, ngasta dhaharan kangge pengemis Yahudi wuta ingkang mapan ing pojok pasar mrika”, aturé Aisyah.

Esuké, kaya sing tansah ditindakné Kanjeng Nabi, Abubakar r.a. tindak gegancangan menyang pojok pasar nggawakaké pangan pengemis Yahudi wuta sing mapan ing kono.
Nalika sepisanan ketemu karo pengemis Yahudi iku Abubakar r.a. kagèt, dene pengemis wuta iku tansah ngundamana, ngèlèk-ngèlèk, ngomong fitnah marang Kanjeng Nabi SAW.

“Sedulur-sedulur… kowé wis ngerti ora, Muhammad kuwi wong edan, tukang tenung, tukang apus-apus… wis pokoke aja cedhak karo Muhammad, bakal cilaka kowé…” ngono kandhané keprungu cetha dening wong-wong sing ana ing sakcedhake kono.

Kanthi sabar Abubakar r.a. nyedhaki pengemis iku, dhaharan iku diparingné. Nanging pengemis Yahudi iku malah nesu. “Sapa kowé?”.

Abubakar njawab “Aku wong sing biasa kisanak...”

“Biasa apané… aja ngapusi, kowe dudu wong sing biasa!!”, pengemis iku nyentak, “Sing biasa kuwi nèk mréné nggawa panganan gak perlu tanganku nyekeli déwé, aku didulang kanthi sabar, telaten lan ngati-ati”.

“Ya mangga… kisakak tak aturi mangap.. niki kula dulang”, kandané Abubakar r.a. karo nempelaké panganan menyang lambéné pengemis iku.

Nanging lagi wae panganan iku diemplok malah disemburné “Kowe dudu wong biasané.. wong biasané iku nék ndulang dialusné dhisik, aku kari ngeleg gak kangèlan mamah”.


Ora tahan nahan kreteging manah, Abubakar r.a. kembeng eluh terus mbrèbès mili, kathi sesenggukan Abubakar matur blaka (terus terang), dèwèké pancèn dudu pawongan sing saben esuk rawuh ngasta pangan lan ndulang, piyambake mung salah sijine sokabate.

”Duh kisanak… wong luhur budiné sing saben esuk rawuh lan ndulang iku.... ora bakal bisa rawuh mréné maneh, merga sawetara wektu kepungkur panjenengane.... seda........”, ature Abubakar r.a.

Krungu warta iku ulaté pengemis malih luwih semanak, Abubakar r.a. banjur nerusaké matur:

“Nek kisanak kepingin ngerti sapa pawongan luhur budiné sing ngasta panganan lan ndulang sampeyan iku.... piyambake ora liya yaaaa... Kanjeng Nabi Muhammad piyambak!!!…”

Kaya disamber bledeg luput, pengemis Yahudi iku kagèt.. kamitenggengen sedéla banjur mingseg-mingseg nangis, “Apa bener ngendikamu iku? Gek wong apa aku iki... duh pira luputku yen ngono.. wong sing tak gethingi, wong sing terus tak asorake, sing tak fitnah nanging nalika cedhak aku ora ana tanda-tanda babarpisan yen deweke iku nesu, babarpisan ora krasa tumindak kasar marang aku, saben esuk tanpa telat wis tekan nyang kene nggawa pangan lan ndulang aku... ora ana pawongan liya sing luwih sabar, luwih tulus, luwih telatèn lan perhatian ngopeni aku tinimbang deweke… aku rumangsa getun!”.

Abubakar r.a. mbrebes mili nguningani kanjeng Nabi isih tetep sabar, telaten, tanpa pamrih marang wong sing gething, tansah ngundamana nyebar fitnah lan ngelek-eleh panjenengane. Mbokmenawa Abubakar r.a. bakal nangis gero-gero nalika ing akhir jaman iki weruh sing ngaku ummat Kanjeng Nabi Muhammad SAW tumindak sawenang-wenang marang sepada-pada.

Mugi kawula tinebihaken saking pikiran, krenteging manah, pangucap lan tumindak ingkang mboten pikantuk Ridha-nipun Gusti Allah SWT lan Kanjeng Nabi SAW...



Wallahu a'lam..



.