7.7.13

Megengan

Arep megengan, mBah Tumpuk bingung soale mesjid Al Hikmah Lor nDesa wis arep mulai tarweh mengko bengi, nanging masjid Nuruh Hidayah kulon cakruk, jare mulai sesuk bengi.

mBah Tumpuk: “mBulane mung siji kok tanggal siji Romadone beda ki piye ta jane ta Gus...?”.
Gus Mukid melu bingung njelasne, “Diarani beda sakjane nggih mboten kok mBah, awal puasa nggih pasti 1 Romadhon ta. Cuma 1 Ramadhan sing diyakini pengurus Al Hikmah benten kalih sing diyakini pengurus Nurul Hidayah”.

mBah Tumpuk: “Lha apa keyakinane mesjid Lor ndesa karo mesjid kulon cakruk kuwi beda ngono ta Gus?”
Gus Mukid, “Nggih mboten beda... sakjane sarengate nggih sami, beda dinten mergi akibat beda tafsir. Ibarate nentokne saate metik duren, ana sing ngarani dipetik nek mpun umure, nanging ana sing ngarani menawi mpun mambu wangi, ana ugi sing nunggu ceblok dewe. Sedaya niku bener, mergi wonten alasane sing tinemu nalar dewe2".

mBah Tumpuk, “Wah lha nek kabeh bener, piye carane milih?”
Gus Mukid: “Kangge nemtokne bener utawi salah manungsa rak pinaringan akal lan nurani ta mBah, senajan tetep mboten wonten manungsa ingkang sampurna. Sak bening-beninge atine menungsa mungkin wae ana klirune, contone menungsa terkadang angel mbedakne antara bisik-bisike setan utawa petunjuke malaikat.. sak pinter-pintere menungsa tetep ana wae sing ora dimengerteni tur manungsa kan pangggonane salah lan lali. Durung maneh sifate menungsa sing duwe nafsu utawa pamrih pribadi sing nyebabne keplintire utawa ketutupe bebener mula banjur ana tumindak ora jujur. Mula sedina awake dewe niki ping pitulas didawuhi ndonga nyuwun dituduhne dalan sing bener, lan didawuhi sering-sering maos istighfar....”

mBah Tumpuk:, “Tambah bingung aku... gampange ae Gus mulai poso Selasa apa Rebo?”
Gus Mukid,
“Terserah sampeyan mBah... Miturut pakem nemtokne awal puasa niku ‘kadawuhan ndelok, lha barang sing bisa didelok mesthine rak nggih sing onten wujude. Terus onten suloyo ing perkara wujud iku, ana sing ngarani senajan ora kasat mata nanging wis maujud iku berati wis bisa disebut anane, nanging ana uga sing ngarani senajan wis maujud nanging durung kasat mata berarti ora bisa didelok. Lha terus kabeh yakin, termasuk sing katon-katonen barang melu ngaku bisa ndelok... lha nek kabeh nuhoni piyandele dewe-dewe mula nyebabne anane beda niku.
Sakjane beda niku onten rahmate.. mergi wonten beda pendapat marahi onten tiyang-tiyang sing terus sengkut sinau astronomi utawa ilmu falak akire saged dadi sarjana-sujana guru utawi ahli falak lan astronomi, malah kathah sing angsal gelar, pikantuk jabatan, saged golek pangan mergi saking ilmu niku, ana malih tiyang sing gawe teropong theodolit utawa rubu’ mujayyab, ngedekne pabrike nggawe tokone, onten tiyang sing othak-athik ndamel rumus aljabar utawa aplikasi komputer kanggo ngetung posisi planet  ing tata surya, programe disade dadi duwit, wonten sing gawe sekolahan sing ngajarne ilmu niku... lan sak piturute...
Jare ustad Mukidin
nika, ilmu manungsa modern saiki, sakjane beda awal puasa lan lebaran dudu saka metode utawa cara sing digunakne kanggo ngetung. Soale nganggo metode ilmiah sakniki posisi bulan empun saged dietung lan diukur kanti persissss sak sekon-sekone.  Mila sakjane beda tanggal ing jaman konmuter.. eh computer niki  'sanes beda hasil etungan nanging beda kriteria' Nanging nggih mboten gampil madhakne “kriteria hilalmerga niku menyangkut keyakinan dan diper-ruwet kalih gengsi lan unsur pulitis para priyagung ingkang kagungan pengaruh tumraping ummat... Sampeyan mudheng mboten mbah?”

 
Karo ngemut susur mBah Tumpuk sumaur, “Ha embuh Gus.... aro itreng uka malah tambah binun..”
Gus Mukid,  “Pun mbah, terserah sampeyan... ajeng milih pundi... milih mulai puasa Selasa melu Al Hikmah insya Allah syah nek sampeyan yakin mergi hilal wis wujud, asal dudu merga WTS (waton suloyo) utawa mbangkang karo Pemerintah nawon.... Kosokwangsule ajeng milih mulai puasa Rebo insya Allah ditampi, nek dasare merga niku
sampeyan pancen
yakin mbulane sing mpun nyata bisa didelok pertama kali, sanes mergi milih sing posone diskon sedina...”
Sakteruse madhep mantep yakin mawon... Bismillah, pasrah maring Gusti Allah... Agama niku gampang (maksude bisa ditindakne), tapi aja digegampang. Ngoten... Wallahu a’lam.. Sugeng nindakne ibadah siyam, Nyuwun ngapunten..."