21.7.06

Prakiraan apa ramalan

Wis dadi sipate menungsa, kepingin banget ngerti “what’s next”... Buktine angger ketemu kanca lawas takone mesthi “piye kabarmu”, sing maksude “apa saja yang terjadi kepada dirimu setelah kita berpisah dulu”, akeh menungsa sing kedanan lan penasaran karo ramalan togel, akeh sing penasaran nganti lila mbelani nunggu njinggleng nang ngarep tipi saben dino mung merga penasaran karo kelanjutan kisah opera sabun alias sinetron berseri. Angger paparan tentang masa depan... wuih rame-rame pada mlengak. Jangka Jayabaya sing wis ana atusan tahun lalu tapi nganti abad 21 iki isik dipercaya lan digotak-gatukne karo suasana terkini masiyo terkadang mekso, Serat Kalathida mungkin maksude nggambarne suasana jaman nalika serat iku ditulis, tapi sering digathukne karo situasi jaman saiki. Jaman edan iku kapan sih tenane? Tahun 60-an, krisis menjelang Gestok, Gestok, era Orba, krismon akhir Orba, Reformasi, apa jaman akeh bencana iki? Nalika John Naisbit karo Kenichii Omhae nulis buku kabeh heboh...Ndilalah bangsa iki seneng plesetan... mula sering nyampur aduk pengertian... antarane prediksi karo ramalan dicampur aduk kaya nasi campu. Padahal prediksi beda karo ramalan. Ramalan iku gak ilmiah merga sumbere wangsit, wisik utawa saka impen... Nek prediksi iku sumbere data sing diolah nganggo perhitungan ilmiah, pengalaman lan pengetahuan. Omongane Ki Gendheng, Mama Lorens, Ki Joko Bodo, nek arep akeh artis pegatan, selingkuh, tahun iki akeh bencana, iku jenenge “ramalan”, tapi pernyataane Empu Gunung, Empu Bumi saka pertapaan mBulaksumur, Tamansari, apa nDepok iku prediksi.... Ramalan salah paling mung diguyu thok.. tapi prediksi salah dipisuhi wong akeh rame-rame... he,he,he...Nalika piala dunia wingi ... Pak Djummala nang milis iki sering nulis prediksi utawa “perhitungan di atas kertas” sapa sing bakal menang lan perkiraan skor sebuah pertandingan sing arep digelar. Prediksi beliau dudu saka wangsit utawa bisikan gaib, tapi ana dasare yaiku data tentang masing-masing pemain, pelatih, kekuatan tim, dll sing wis tersimpan nang memori utawa sing bisa didelok nang koran, buku utawa website... Data durung bisa “muni” nek durung ono analisa.... supaya beliau bisa membuat analisa lan oralisa (maksude penyampaian secara oral) butuh pengetahuan sing dalem, pengamatan sing jembar, pengalaman sing uakeh embuh merga rajin nonton bal-balan apa sering main dewe, akhire kudu ditutup karo pengambilan kesimpulan sing tepat (dudu kaya pengalaman gawe karya ngilmiah biyen, kesimpulan dadi disik, analisa karo data “menyusul”... he,he,he)... Supaya prediksi beliau tepak/akurat utawa mendekati tepak, data-ne kudu cukup lengkap (terlalu lengkap malah marahi binun, he,he,he...), analisa tajem, dalem lan tepat, jujur gak mihak, gak ana faktor “x” sing gak mlebu nang perhitungan ujug-ujug nonyol unjuk diri (skandal, pemain cedera, psikologis pemain, lucky, dll). Mula prediksi bisa salah nek ana salah siji faktor sing ngaco utawa salah, embuh datane sing gak lengkap utawa gak bener, analisane ngawur utawa tendensius, utawa anane faktor x sing di luar perhitungan utawa sing bisa disebut “bola bundar” dening pak Djummala...
Nah, ing kejadian lindhu lan tsunami (produk ikutan lindhu) umume para empu bumi isane mung gawe prediksi. Contone ana kreteg pondasine wis rapuh, baja landasane wis kropos... tukang insinyur bangunan gawe perhitungan.. umure jembatan iku paling banter rong tahunan... iku prediksi.. bisa ae jembatan iku sebulan kemudian ambruk.. ternyata sebabe diliwati truk trailer sing kelebihan tonase.. tapi bisa wae nganti telung tahun durung ambruk.. setelah diteliti ternyata sejak itu kretek diportal sing bisa liwat mung kendaraan kecil ae... Iku nembe jembatan sing bisa diganti, bisa didandani, bisa didelok kan dimonitor terus setiap saat, beban bisa dibatasi... ternyata deprediksi kuat rong tahun ternyata sebulan wis ambrol... apamaneh prediksine kulit bumi, sing gak bisa didandani, gak bisa diatur bebane, beban gak bisa dipindah, tur gak ketok mata... paling pol ya mung nyebut potensi terjadinya, tanpa ngarani kapan bakal terjadine...
Nah merga prediski gak nyebut waktu secara spesifik, mula prediksi mung manfaat kanggo langkah antisipasi dudu kanggo penyelamatan korban. Prediksi perlu kanggo pengaturan tata ruang, pedoman nek arep nggawe bangunan (bahan, kekuatan, struktur), perencanaan wilayah, dll. Prediksi gak bakal efektif kanggo penyelamatan .. lha piye kan gak mungkin... nek suatu daerah diprediksi rawan lindhu terus penduduke dilarang keluyuran, terus diprintah kon kemping nang gunung utawa njengking terus nang ngisor longan... Walaupun daerah kono jelas “hampir pasti” (pasti iku hanya milik Allah!) bakal ana lindhu gedhe, tapi lak gak ono sing ngerti kapan terjadi, nek sesuk apa emben sih mendhing... lha nek sasi ngarep, tahun ngarep, sepuluh tahun meneh, satus tahun meneh... Njengking terus satus tahun? Emang enaaak. Wak pancen ideal nek sakdurunge ana lindu wis bisa diramal.. kaya ramalan cuaca (supaya konsisten kudune prakiraan cuaca kaya teveeri biyen).. masiyo ramalan cuaca mleset.. tapi kan gak adoh-adoh banget... Wah saumpama lindhu bisa digawe prakiraan kaya cuaca (keto’e bu Mega wae nate salah pengertian nang masalah iki), apameneh ngerti wektune tur cukup omber (sebulan apa seminggu sakdurunge "deng").... uuueeenak tenan. Saumpamane lindhu lan tsunami Aceh, lindhu Nias, lindhu Jogja, tsunami Pangandaran (senajan gak bisa dihentikan utawa tetep terjadi), bisa diketahui seminggu sakdurunge kedadean... yakin nek korban bisa diminimalisir. Penduduk daerah rawan lindhu utawa tsunami mau gak perlu njengking nang ngisor longan utawa ngungsi nang nggunung nganti atusan tahun... deweke nembe kon ngungsi utawa njengking nek lindhu lan kemungkinan tsunami wis cedhak wae (ibarate wektu imsyak kanggone sing sahur nalika arep nindakne siyam)... Merga iku, kawit jaman bingek... gak kurang-kurang menungsa usaha kanggo nggoleki cara kanggo ngawe prakiraan lindhu kanthi nyinau tanda-tanda alam. Ana sing nyoba nganalisa citra satelit daerah sing kena lindhu gedhe sesaat sakdurunge lindhu... nah saka analisa iku banjur ana spekulasi “mega njlirit” saka Jepun, Iran, mbantul lan Kuningan iku. Ana meneh sing nganalisa emisi gas mikro (contone Radon) saka daerah lindhu, ana uga sing ngamati migrasi kewan tertentu, manuk misale (kaya crita email tentang seorang anggota Marinir nang Aceh). Sayange teori-teori iku durung ditampa karo jumhur Empu, merga dianggep isik durung istiqomah (konsisten) lan durung iso dijelasne kanthi gamblang nganggo logikane para Empu mau. Tapi Empu juga manusia, teori menungsa dudu dawuhe Gusti, nek ana teori baru sing luwih ampuh, teori lawas bisa wae dikoreksi utawa malah gugur. Wis lumrah ing jagading ilmiah....

22.2.06

bayan semun the series: parnograpi....

bar acara "udar gelung" bayan semun jagongan nang bale deso, lurahe takon soal tanggane bayan semun sing jenenge mba' lastri.. takon gak merga ana skandal utawa melok naksir karo randa ayu kempling sing radak kenes iku, lurah mung arep ngertakne soal kabar miring, sing dadi gosipe warga desa neng acara arisan sing marahi pak lurah rumangsa gerah, nurut kabar-kabari wargane iku sing sering gonta-ganti gandengan kaya montor trailer... malah sering mulih ngajak wong lanang sing nginep nang omahe barang...
lurah: "yan... apa mba' lastri saiki isik sering mulih nggowo wong lanang?"
bayan semun (bs): "lha dek malem minggu wingi nika... kadose nggih onten tiyang jaler nginep teng omahe mba lastri kok..”.
lurah: “piye ta yan... kok kowe ora bertindak… sesuk meneh nek ana digrebek ae bareng pemuda kampung?”
bs: “kula ajrih pak.... lha nek kula dobrak lawange terus kula ndelok adegan ‘nganu’ berarti rak kepasal kalih undang-undange parnograpi!.
lurah: “kowe rak nindakne kewajiban minangka pamong njaga tertib lingkungan mosok kena pasal”.
bs: “oooo dados undang-undang niku ngangge milih too….. biasane wong cilik kados kula niki namung angsal apese mawon".
lurah: “maksudku gak kabeh ndelok utawa nglakoni sing saru mesti kenek pasal... kaya urusan kamarmu karo bojomu dewe, angger gak kok pamer-pamene ya gak kena pasal pornograpi. kowe eling ora ceramahe ustad muhidin kae, kelonan karo bojo kuwi wajib, malah bisa diarani nindakne 'sunah rasul'...”
bs: "ooooh... ngaten tooo, dadi nek kalih bojo dewe, mboten porno nggih? tiwas empun telung sasi niki kula wonten nate nyenggol bojo kula blass".
lurah: “oalah mesakne men...”.
bs: “nggih... pak, terus terang mawon niki teksih onten melih sing ajeng didawuhne mboten, nek mboten kula ajeng nyuwun pamit kriyin”
lurah: "lho kok kesusu ae arep nangendi ta yan... wong lagi enak-enak jagongan".
bs: "ngngngggg.... nganu pak… mergi telung sasi poso, kula ajeng sunah rosul.. rapelan buko”
lurah: “oalaaahhh....... ya wis kana, sing ngati-ati, payunge sing rapet aja kebobolan meneh, wong anak wis lima kemriyek ngono..".
bs: 'maturnuwun pak....."

25.8.05

Ciri-cirine wong Madiun...

Pasargebouw te Madioen, Oost-Java, gebouwd in 1927. Het geheel is in beton opgetrokken en voorzien van tegelvloeren. http://www.kitlv.nl

Foto Pasar Besar Madioen, tahun 1930-an
Nek sampeyan memenuhi sebagian/seluruh kriteria saka daftar di bawah...Walaupun gak ngaku, sampeyan pantes dicurigai utawa terindikasi sebagai wong Madiun....


  1. Makanan pokoke sego pecel: esuk sarapan sego pecel plus wedang kopi, awan pecel ngombe diglontor es cendol, bengi pecel ngombe ditutup teh manis....
  2. Sing perantauan, angger mudik sing digoleki sego pecel sing enak, angger balik rantau sangune lempeng mentah, sambel pecel...
  3. Plesirane nang nDungus, Sarangan utawa Ngebel...
  4. Nesu nek diarani turunan PKI..
  5. Pelawak favorite Kirun, idolane Ratih Sanggarwati, ngefans Ratna Listy...
  6. Nek tanggal nom blanja utawa cuci mata-ne nyang Sri Ratu...
  7. Numpak angkutan umum jarene nunggang Colt, padahal gaweyan Toyota, Daihatsu utawa Suzuki...
  8. Nek kaget, aloke "Biyuh, biyuh.... jegeg men".. ngarani dowo banget dadi "duuuowo", adoh banget dadi "uuuadooh nang jabalekat" misuhe "jiamput", "jiangkrik".
  9. Ngarani bakwan jare "heci", nyebut toge jare "ganteng" utawa "capar"
  10. Ketemu nyamuk gede-gede alok "jingklong sak emblag-emblag"
  11. Cilikane tau dicekel "waker" merga nyolong tebu pabrik...
  12. Sepeda montor disebut "brompit" mereke mesti Honda... Honda Yamaha, ya Honda Suzuki, ya Honda Kawasaki, ya Honda Kymco, ya Honda Honda, dst....
  13. Kirim email attachment-e: brem, madumongso, sambel pecel karo lempeng puli...
  14. Gendèng omahe dilabur tulisan AAPIK...
  15. Melok dadi anggota minimal simpatisan perguruan silat Setia Hati (Terate, Winongo, dll), nek ketemu sing beda aliran terus plerok-plerokan.
  16. Nang akte kelahiran utawa ijasah tertulis lahir nang Madiun (termasuk wilayah andahane kaya Pilangkenceng, Geger, Cigrok, Bendo, Tinap, Ngegong, Wayut, Muneng, Delopo, dll
  17. Ora nganggo klambi diarani "ote-ote"
  18. Komplek tentara disebut "bosbow", batas kota jarene "tèk-an", pasar bekas terminal disebut "sleko"
  19. Nyebut gedung bioskop jare "MT", nek minggat jare "colut"
  20. Nek nang Jakarta dadi tukang "ledek munyuk" alias "topeng monyet"
Thank's to member of Mailing list Madiun-Club

15.8.05

desa mawa tata kuta mawa becak

ciri khas kota iso didelok soko becake.. becak jawa tengah, penumpange mendelep ketutupan spatbor gede.. cocok karo wonge sing lembah manah, andap asor, gak seneng nonjol.. becak suroboyo, penumpange angkruk-angkruk nang nduwur, cocok ambek gayane arek suroboyo sing omonge apa anane, tanpa tedeng aling-aling....
wong sumantrah wegah kangelan, mula becake tanpa nggenjot alias nganggo mesin montor (apamaneh jarak nang sumatra iku rak adoh-adoh.. sak desa ae puluhan kilometer, lha nek nggenjot ya gempoe tenan).
sing paling menarik becak pematang siantar, mesine montor uduk kuno (merek a.l. bsa utawa
matjles) persis banget pilem perang jerman… apamaneh nek mlaku nang daerah berbukit..
nang padangsidempuan nganggo skuter vespa kuno, lambretta.
kuta liyane liyane kaya banda aceh, medan, pekanbaru, becake wis nganggo mesin sepeda montor anyar (honda, yamaha, suzuki)…
lha nek nang makassar… wong sing ukuran badene “jumbo” dilarang numpak becak… soale lungguhane sempit.. kangelan olehe nyeleh bokong… mungkin wong bughis iku awake pancen cilik-cilik yake...
nah kepiye kelakuane para penarik becak?
nek sampeyan kepingin dihormati… coba numpaka becak nang jogja.. sampeyan mesti diceluk radèn.. “derekaken teng malioboro nopo dèn?” .. beda jogja beda solo, priyayi solo kuwi gayane alus, tumindake anteng mriyayeni, mula ora pareng eyel-eyelan karo tukang mbecak.. nek numpak becak ora kena ngenyang.. langsung wae lungguh terus ngomong tujuane.. tekan nggone dibayar “sesuai harga” sokur-sokur ditambahi.. mesthi tukang mbecake
langsung maturnuwun…
suroboyo… kuta sing tukang mbecake wong meduro iku terkenal ngèyèle jare cirine nduro iku logis tapi gak rasional… mula gaya priyayi solo gak cocok kanggo numpak becak ndik suroboyo.. isok dijungkirno tenan sampeyan…
ngomong-omong aku wis lali ciri khas becak mediun? maklum ra tau numpak becak nang mediun, apameneh wis suwe gak mudik, terus nang jakarta wis ra tau eruh becak, lha jaman gubernur wiyogo becake dijegurno segoro, sing isik slamet didol enny beatrice (mantan bintang filem) nyang negoro londo…
salam mbecak...

7.3.05

mBek-mBekan lan tawuran..

.
Lahir lan gede nang Madiun.. ngenes ndelok cah-cah enom senengane tawuran. Mungkin aku wis gak enom meneh, wis tuwek, mula angel paham, piye nalare wong mung peguron pencak ae kok direwangi nganti toh nyawa, selagine emboke sing meteng sangang sasi nglantarne lair direwangi ngeden setengah mati, bapake sing montang manting merga nggolekne upa dinggo ngloloh karo klambi sak susuwek wae gak tau dibelani nganti ngono kuwi.
Apa untunge mbelo peguron? Wong gak tau ngekeki badogan, gak tau nyangoni duwik? Apa merga gak nduwe kebanggaan liyane mula peguron wis koyo dewa sing disembah-sembah lan dibelani nganti mati... Lha nyembah sakliyane Gusti Allah iku rak musyrik hukume tooo…
Cara ndeso biyen, gelut "mbek-mbekan" iku dolanane cah ngarit, cah angon utawa bocah ndesit sing gak mambu pendidikan. Masiyo ngono, mbek-mbekan isik nganggo aturan. Entuk mung tantang-tantangan, pisuh-pisuhan, idon-idonan utawa jotos-jotosan, piting-pitingan, banting-bantingan nang pasir nganti babak bundas. Tapi gak entuk nganggo senjata, gak entuk dibelani. Kanca-kancane sing dadi wasit gak entuk melok-melok, tapi ya gak entuk misah kecuali onok sing curang utawa onok sing wis meh mampus. Dolanan iku disebut mbek-mbekan sebab sing rumangsa kalah mbengok "mbeeek".. kaya wedus dibeleh… biasane mungsuhe terus ngerti, sing dipiting diculne... Sing nonton surak-surak, sing menang bangga dadane maju, sing kalah kisinan ingah-ingih…
Gelut sing medeni nek onok tontonan ludruk, ketoprak utawa drama ndangdut... biasane sing gelut “warokan” masalahe iso rebutan cewek, kalah main, urusan bisnis utawa merga kepidek sikile. Biasane diwiwiti padu nang nduwur panggung, merga nganggo speaker mula dirungokne wong akeh, terus antem-anteman.. kadang-kadang malah bacok-bacokan barang. Sing nonton gak wani nyedek… pada nyingkir karo mbengok “minggir, minggir, minggir kecipratan getih..”. Merga medeni, biasane sing misah pulisi ngango pistul dor, dor, dor…
Tawuran kuwi rak tukaran rombongan wong ngajak-ajak balane, dadi kaya perang... mula sasarane ora mung uwong tapi bangunan, montor lan barang liyane... sering korban nyawa karo tatanan masyarakat dadi rusak (gak tentrem, musuh nang ngendi-endi, curiga terus karo wong). Cah-cah enom kuwi nalika tawuran mesti gak mikir jero, lha piye wong tawuran merga diojok-ojoki utawa dipeksa kancane.. bareng ditakoni apa alasane nyerang.. mung lholhak-lholhok thok kaya wong pengung. Mula enek sing ngarani, tawuran kuwi merga pikiran cupet, utawa fanatik karo bolone utawa golongane dewe.. tawuran iku tandane jiwa kerdil, tandane pikiran cupet… Engko gek pikiran cupet merga ekonomine bendino ya cupet..

22.2.05

Dilulu...

Ora ono bahasa Indonesia sing pas kanggo terjemahan boso Jowo “dilulu”. Dilulu maksude dituruti kekarepane, nanging ora merga entuk kabecikan malah kapara diloropne utawa dijlomprongne. Ana bocah sing nakal banget senengane ngebut, dielingne bolak-balik gak mari malah saya ndadi. Mula wong sak kampung bosen olehe ngandani, saiki bocah iku mau dilulu. Masiyo kelakuane gak disenengi wong sekampung nanging wis ora nate dikandani malah dibombong-bombong supaya ngebut sing luwih banter lan pamer atraksi sing luwih nggegirisi. Maksude wong sekampung ora merga bangga utawa ngeman bocah mau nanging njlomprongne lan muji muga-muga ae bocah iku enggal nabrak cagak listrik sisan modar….
Ing boso Ngarab tak kira ono padane tembung dilulu, yaiku istidraj sing contone wong sing sugih nanging cethil, senengane tumidak maksiyat, nanging malah nikmate nambah-nambah terus. Wong iku dilulu dening Gusti Allah. Wong sing dilulu bakal lali purwa duksina, lupa daratan bahasa Indonesiane… Rumangsa entuk kanugrahan merga rejekine ndlidir terus, rumangsa disayang Gusti Allah merga sak polah-polahe ora nate ngrasakne ngrekoso, rumangsa tumindake wis bener terus wong ora nate rumangsa dielingake, mula ora rumansa perlu introspeksi wong ora ngrumangsani salah… akire saya suwe tumindake wong istidraj saya nalisir saka uger-uger. Yen nganti titi wancine tetep ora sadar nek klebu golongan istidraj, bakal kejlomprong marang papan kang nistha lan rasa keduwung kang tanpa upama kang dirasa..

15.12.04

Mbulet tur bundet..

Kang Tomedjo wong Jowo deles, kepingin tilik sedulure sing dadi transmigran. Mangkat soko terminal Amplas Medan numpak bis ALS tujuane daerah Mandailing-Natal sing saiki jenenge diganti "Madina".
Nembe ae bis budal, wis takon marang sopire, "Bang, Natal isik suwe????"
"Maksude kuto Natal? Sampeyan arep nyang Natal?... Yo wis sampeyan kepenakne leh istirahat, wong isik rolas jam-an kok", ujare pak sopir.
Tomedjo banjur meneng sedela, nanging durung ono setengah jam wis takon maneh,
"Medan nganti Natal rolas jam... lha nek Natal tekan Medan pirang jam Bang?"
Sopire njawab rodo males, "Medan tekan Natal iku kira-kira rolas jam... nek gak percaya, ya sampeyan etung dewe wae".
"Ora ngono Bang.. sing rolas jam-an kuwi rak Medan menyang Natal, lha nek Natal menyang Medan pirang jam?", pitakone Tomedjo tanpa dosa.
"Apa bedane... nek Medan nganti Natal iku rolas jam-an, sebalike nek soko Natal menyang Medan yo mesti uga rolas jam ..", jawabe sopir rada mengkel dioyak pitakonan mbulete kang Tomedjo.
"Kok biso podo ya…. Bang", aloke Tomedjo sing nambahi mangkele sopir.
"Wah... nek ngono sampeyan ki rodok o'on tenan?", sumaure sopir sinis, "lha nek mangkat karo balike liwat dalan sing podo, mestine wektune ya podo to Mas.... kecuali nek ono alangan nang ndalan, umpamane... bis iki nyemplung jurang koyo pak Jendral Rajagukguk biyen kae…!!!".
Nanging Tomedjo durung marem, buktine isik grenengan, "Tapi.... nek soko Natal tekan Tahun Baru iku seminggu.. kok Tahun Baru tekan Natal setahun yoooo????"