4.10.06

Sampeyan batal? Ngemek dosa....

Ing gardu listrik tinggalan Londo (isik akeh nang sekitar Madiun nganti tahun 1970-an, nurut angkringan Jogja saiki isik ana tinggalene nang Palbapang Bantul.. muga-muga ora katut rusak kena lindhu Jogja) ana tulisane "SING NGEMEK MATI". Peringatan sing "berlebihan" tak kira, soale spaning listrik jaman iku mung 110 V. Jaman saiki tegangan 220 V wae peringatane ora serem kaya ngono kuwi.
Iki soal liya, sing tau nyantri utawa sinau moco Al-Quran mesthi paham nek ing buku (mushaf) kitab sucine wong Islam iku ana potongan ayat 79 surat Al-Waqiah “Laa Yamassuhu illal Muthahharun” sing tegese “ora ngemek kacuali wong sing wis disucikan”. Maksud ayat iku dadi bahan perdebatan. Ana uwong sing negesi kanthi wantah yaiku ora kena ndemok Quran nalika nembe batal wudhu. tapi ana Ulama sing nganggep, ndemok Al Quran nalika hadas (batal wudune) ora apa-apa merga sing dimaksud "wong sing disucikan" iku maksude wong sing wis "entuk dalan padhang" ing uripe. Kyai Ghaffar Ismail (bapake penyair Taufiq Ismail), nate ngendika piyambake yakin ndemok Quran senajan lagi hadast ora apa-apa, nanging selawase urip nganti sedane piyambake gak nate ndemok Al Quran nalika ora suci…
Merga Al Quran dianggep suci, para santri umume wedi mbuang suwekan Al Quran sembarangan supaya gak dilangkahi uwon. Ing langgar ndeso, suwekan mushaf biasane disempit-sempitne ing kusen utawa tembok sing bolong. Ana penemu nek sing dihormati iku "dawuhe Gusti" dudu "mushaf" utawa "lembaran kitab". Sebab ing percetakan, lembaran mau dianggep kaya barang cetakan biasa. apameneh durung mesthi pemilik lan manager percetakane wong islam. Masiyo Islam, bakal kerepotan nalika arep nggarap Quran nang percetakan, angger bar ngentut para pekerja bola-bali kudu wudhu.
Mungkin bisa disebut "berlebihan" utawa "parno" (paranoid) menawa ngerasa angger tulisan Arab mesthi ayat suci, suwekan bungkus Pak Pung Oil sing sing ana tulisan Arabe dianggep suci padahal iku “arab pegon” (tulisan Arab tapi unine bahasa Melayu istilahe “hurup Jawi”) unine: “ini obat terbikin daripada rempah-rempah tradisionil yang terpilih”. Malah PDA, disk utawa CD sing ana program qurane, masiyo gak nembe off gak ana tulisane Arab tetep ae gak wani nglangkahi, gak wani nggawa nang njero toilet,,, merga wedi dosa… he,he,he….
Saking kurmate karo sing mambu Arab, angger krungu bahasa Arab dianggep donga… Kang Sadikin TKI ing Arab, tau diseneni Askar (tentara Arab), Askar mau nesu banget ngenggo misuh-misuh. Merga askar Arab asli (dudu Arab Pasar Kliwon Solo utawa Arab Ampel Suroboyo), mesthi ae misuhe ya nganggo bahasa Arab (bangsane “anta khimar, anta majnun”, dll dudu "jangkrik", "semprul", "bajinguk", dll).
Tapi Kang Sadikin iku santri ndeso sing soleh, krungu boso Arab senajan pisuhan isik dianggep donga, mula enggal ngangkat tangane karo muni “Aaaaamiienn.. Aaammmiiieeen…Aaamieeen”. Askar bingung….akhire sadar nek sing adiadhepi wong gemblung. Arep misuh nganti kebun binatang mulai khimar, unta, wedus, dll metu kabeh percuma...

5.9.06

sandyakalaning budaya jawa?

wong jawa kuwi kaya glempo, gelem dadi wadhah lan gelem nampani apa bae.. pancen wong jawa pancen dudu penduduk asli, imigran saka hindia belakang, nanging wis duwe kepercayaan asli. nalika ana wong hindu saka india pada menyang tanah jawa, saka pergaulan, wong jawa padha melu dadi hindu. buktine akeh peninggalan situs candi prasasti lan liya-liyane sing mambu hindu ing tanah jawa iki. disusul wong budha sing uga saka india, wong jawa ya ana sing melok budha. buktine borobudur keajaiban dunia embuh sing nomer piro iku, madeg megah ing tengah-tengahing tanah jawa.

bareng lan angslupe majapahit sing tandhane candrasengkala “sirna ilang kertaning bumi”, ing tlatah tuban lan sak kiwatengene para pedagang saka gujarat lan parsi dibantu para wali wis ngajari ngibadah islam. merga para wali nglarang nggambar barang sing duwe nyawa, banjur ana sebagian seniman jawa sing kabotan, mula banjur milih lunga saka istana munggah gunung tengger lan sebagian meneh nyabrang menyang tanah bali terus berkarya nganti saiki. nanging wong jawa gelem nampa ajaran anyar iku, akhire bumi tanah jawa ratune duwe julukan “sayidin panatagama kalifatullah ing tanah jawa” saben ngarep kraton ana alun-alune, kulone mesjid mburine kampung kauman, sing penghunine para santri. nalika jaman londo njajah.. sebagian wong jowo ana uga sing melu londo saben pekan nang nggreja...

pancen nurut sejarah owah-owahan iku gak mulus tapi tetep ana konflike. contone konflik wangsa sanjaya - syailendra, raden patah - brawijaya, sabdo palon noyo genggong - sunan bonang, lsp. nanging merga wong jawa iku “andap asor lembah manah mendem jero mikul duwur” mula konflik masalalu iku isik bisa terkendali lan akhire kekubur jero.. nalika republik indonesia berdiri, wong jawa ngalah meneh... lilo legowo nampa bahasa melayu dadi “bahasa nasional” merga luwih sederhana, simpel, gak nganggo anggah-ungguh lan aturan njlimet, dene basa jawa cukup dadi bahasa pergaulan lesan ae...

nek weruh crito ngono kuwi, kita kudu ngurmati para leluhur kita sing duwe sikap lan laku satriya.. lha wong ngalami owah-owahan kepercayaan bolak-bali ngono kok ora ngalami konflik sing kebablasen. iku dadi bukti nek wong jawa iku terbuka alias open minded, mikul duwur mendhem jero. wong jawa uga gelem ngalah sing tujuane kanggo kabecikane wong akeh, sebab duwe prinsip “ngalah bakal luhur wekasane”. ngalah ora berarti kalah. iki tata nilai luhur sing dadi gondhelane para leluhur kita...

lha.... geneya saiki kok kaya bumi lan langit... padha-padha pemangsa sego pecel ae bisa bandhem-bandheman watu, pada mbadhog thiwule santhet-santhetan, pada nggragas jagung bacok-bacokan clurit? apa merga wong jawa saiki wis padha ilang jawane? nek bener ilang, kena apa bisa ilang?

nek soal ilange budaya jawa, iku merga para muda wis ora nganggep jawa sawijining budaya sing ngandung tata nilai sing bisa kanggo mbentuk peradaban. wong jawa dianggep mustahil mampu mbangun masyarakat beradab utawa disebut “masyarakat madani” ngono kae. bayangane budaya jawa selama ini ya mung bangsane menyan, kembang, klenik, klembak, susur, mat-matan, leyeh-leyeh, nglaras, metheti perkutut manggung, lsp.

iki salahe generasi biyen juga sing gak bisa menterjemahkan budaya jawa nganggo basa kontemporer sing bisa dipahami lan bisa njawab kebutuhan cah saiki. sajake ana kesenjangan, sing tuwa mati-matian njaga aja nganti budaya jawa dicemari karo pengaruh luar, sing muda nganggep budaya jawa mung pantes dadi isen-isening museum nggo klangenan sebab gak bisa dienggo neng kanggo kehidupan modern sehari-hari...

padahal budaya iku penting kanggo mbangun bangsa, jepang sing wis maju isik njaga budaya asline, cina lagi bangkit tapi berangkat saka budaya asline. budaya asli iku “identitas” utawa ciri wanci gawan bayi sing gak bisa ditinggal. wong dadi juwara ing bidang apa ae merga dadi awake dewe (jadi dirinya sendiri), dudu merga niru, sak hebat-hebate plagiat alias pengkopi gak bakalan ngalahne asline. pancen niru perlu kanggo proses belajar utawa kanggo ide dasar tapi dikembangne nganggo kreasine dewe.

wong jawa gak bakal bisa niru dadi londo, merga nek mangan keju lan ngombe susu bakalan mules wetenge. wong jawa gak bakal dadi arab merga nek sedina mung kelebon kurmo telu bakal klintiran wetenge. sing jeneng kemlanda-mlanda, kemarab-marab mesthi gak ono pantese malah marahi diguyu tengu. biasane wong niru rak mung kulite thok semangat lan moralitase kagak, dipilih sing enak lan penak terus ditiru sing angel boro-boro paling dibuwang nang kali bareng metu mburi. sok kemlondo modale mung ngecet rambut, pakaian ngeropah, wewangian impor, gaya songong, ngomong cas-cis-cus.... tapi kerja keras, totalitas (gak tanggung-tanggung), disiplin, mandiri, sing khas wong bule blas gak dienggo... londo nanggung tur wis kelangan identitas asli iki ibarate godong jati garing, kabur kanginan, kemleyang ceblok nang lemah bengkah.. krusak-krusek.

wis tumeka ing jamane krisis budaya... ora mung unggah-ungguh, sopan santun, ngajeni wong liya ae sing wis luntur.. tapi sajake uga tenggang rasa sing nyebabne wong gampang dikompori, geni konflik horizontal mulad-mulad ing ngendi-endi.

nek ngene terus-terusan, gak aneh.... ora suwe maneh bakal ana “sirna ilang kertaning bumi” jilid kedua.... yaiku negara indonesia lan tanah jawa iki ilang saka peta dunia..
amit-amit jabang bayi... cara arabe naudzublillah..

21.8.06

"Pakbo letus" apa "lenggok sunder"

Jaman biyen nalika revolusi telekomunikasi massa elektronika durung mampir nang desaku, komunikasi lisan dadi media penerangan. Embah kakung salah sawijining nara sumber sing kompeten kanggoku. Aku dudu putu sing paling disayang merga kebandelanku nalika isik cilik, nanging merga omahku cedhak, mula sering ketemu lan termasuk crigis seneng takon ini-itu, mula secara tidak langsung sering entuk ilmu saka mbahkungku iku. Mbah Kung ngerti petung jawa kaya buku primbon, deweke sawijining wong pertama sing tak kenal sing duwe buku agenda, biasane angger ana peristiwa penting ditulis nang gebyog mburi nganggo kapur putih. Mulai lindhu gedhe, gerhana, udan awu, kelahiran, sripah, lsp dicathet nang gebyog iku.
Salah siji kekaremane simbahku yaiku bedhekan utawa cangkriman. Werna-wera bedhekan sing tujuane kanggo hiburan utawa ngisi wektu. Bedhekan utawa teka-teki sing nggambarne situasi jaman iku, sing mbokmenawa angel dimengerti karo bocah saiki. Jaman kuwi buah-buahan isik akeh, mula ana bedhekan “rukning mbuteng” ati-ati aja kepleset nyebut barang saru, nanging sing dimaksud “jeruk kuning jambu mateng”. Ana meneh “lenggok sunder”, yaiku “celeng menggok asune nyander”. “Pak bo letus”, utawa “tipak kebo lelene satus” wah jaman biyen nang butuh lele satus cukup njupuk nang ngisor tipak kebo ae, saiki nek kepingin lele kudu tuku nang pasar.
Ana meneh sing plesetan bahasa inggris, contone “little money” dudu “duwik receh” tapi “silit gatel didamoni” kebiasaan cah cilik jaman biyen yaiku totor nang ngarep geni bediyang karo kukur-kukur gudig utawa ndamoni silite kancane sing gatel.. rasane isis-isis enaaaak.
Jaman transportasi isik nganggo jaran, lan para ndoro tuwan isik gelem nitih dokar ana bedekan “ran tut day sir, sir tut day one, wan tut day blas” yaiku nggambarne hirarki entut berut, Sing nate numpak dokar mesthi ngerti nek jaran sering ngentut, mula ana sing kreatif gawe bedhekan sing artine jaran ngentut tadhahi kusir kusir ngentut tadhahi tuwan tuwan ngentut tadahi… bablas…
Cah ndesa familiar karo tai wedhus, mungkin nate ngemplok nalika mbakar mlinjo, terus dadi guyonan lewat bedhekan "idus tallen, iring nganen" utawa "tai wedus untalen tai garing panganen".. biasa ditambahi meneg "burnas kopen" utawa "bubur panas kokoben"
Ana "lantungi ngetuuuan" ... bulan metu bengi srengenge metu awan, "suru blegitu".. asu turu diblegi watu, "ku ciktu ling".. aku mancik watu nggoling.. dadi pertanda jaman iku cah ndesa memperhatikan lingkungan....

21.7.06

Prakiraan apa ramalan

Wis dadi sipate menungsa, kepingin banget ngerti “what’s next”... Buktine angger ketemu kanca lawas takone mesthi “piye kabarmu”, sing maksude “apa saja yang terjadi kepada dirimu setelah kita berpisah dulu”, akeh menungsa sing kedanan lan penasaran karo ramalan togel, akeh sing penasaran nganti lila mbelani nunggu njinggleng nang ngarep tipi saben dino mung merga penasaran karo kelanjutan kisah opera sabun alias sinetron berseri. Angger paparan tentang masa depan... wuih rame-rame pada mlengak. Jangka Jayabaya sing wis ana atusan tahun lalu tapi nganti abad 21 iki isik dipercaya lan digotak-gatukne karo suasana terkini masiyo terkadang mekso, Serat Kalathida mungkin maksude nggambarne suasana jaman nalika serat iku ditulis, tapi sering digathukne karo situasi jaman saiki. Jaman edan iku kapan sih tenane? Tahun 60-an, krisis menjelang Gestok, Gestok, era Orba, krismon akhir Orba, Reformasi, apa jaman akeh bencana iki? Nalika John Naisbit karo Kenichii Omhae nulis buku kabeh heboh...Ndilalah bangsa iki seneng plesetan... mula sering nyampur aduk pengertian... antarane prediksi karo ramalan dicampur aduk kaya nasi campu. Padahal prediksi beda karo ramalan. Ramalan iku gak ilmiah merga sumbere wangsit, wisik utawa saka impen... Nek prediksi iku sumbere data sing diolah nganggo perhitungan ilmiah, pengalaman lan pengetahuan. Omongane Ki Gendheng, Mama Lorens, Ki Joko Bodo, nek arep akeh artis pegatan, selingkuh, tahun iki akeh bencana, iku jenenge “ramalan”, tapi pernyataane Empu Gunung, Empu Bumi saka pertapaan mBulaksumur, Tamansari, apa nDepok iku prediksi.... Ramalan salah paling mung diguyu thok.. tapi prediksi salah dipisuhi wong akeh rame-rame... he,he,he...Nalika piala dunia wingi ... Pak Djummala nang milis iki sering nulis prediksi utawa “perhitungan di atas kertas” sapa sing bakal menang lan perkiraan skor sebuah pertandingan sing arep digelar. Prediksi beliau dudu saka wangsit utawa bisikan gaib, tapi ana dasare yaiku data tentang masing-masing pemain, pelatih, kekuatan tim, dll sing wis tersimpan nang memori utawa sing bisa didelok nang koran, buku utawa website... Data durung bisa “muni” nek durung ono analisa.... supaya beliau bisa membuat analisa lan oralisa (maksude penyampaian secara oral) butuh pengetahuan sing dalem, pengamatan sing jembar, pengalaman sing uakeh embuh merga rajin nonton bal-balan apa sering main dewe, akhire kudu ditutup karo pengambilan kesimpulan sing tepat (dudu kaya pengalaman gawe karya ngilmiah biyen, kesimpulan dadi disik, analisa karo data “menyusul”... he,he,he)... Supaya prediksi beliau tepak/akurat utawa mendekati tepak, data-ne kudu cukup lengkap (terlalu lengkap malah marahi binun, he,he,he...), analisa tajem, dalem lan tepat, jujur gak mihak, gak ana faktor “x” sing gak mlebu nang perhitungan ujug-ujug nonyol unjuk diri (skandal, pemain cedera, psikologis pemain, lucky, dll). Mula prediksi bisa salah nek ana salah siji faktor sing ngaco utawa salah, embuh datane sing gak lengkap utawa gak bener, analisane ngawur utawa tendensius, utawa anane faktor x sing di luar perhitungan utawa sing bisa disebut “bola bundar” dening pak Djummala...
Nah, ing kejadian lindhu lan tsunami (produk ikutan lindhu) umume para empu bumi isane mung gawe prediksi. Contone ana kreteg pondasine wis rapuh, baja landasane wis kropos... tukang insinyur bangunan gawe perhitungan.. umure jembatan iku paling banter rong tahunan... iku prediksi.. bisa ae jembatan iku sebulan kemudian ambruk.. ternyata sebabe diliwati truk trailer sing kelebihan tonase.. tapi bisa wae nganti telung tahun durung ambruk.. setelah diteliti ternyata sejak itu kretek diportal sing bisa liwat mung kendaraan kecil ae... Iku nembe jembatan sing bisa diganti, bisa didandani, bisa didelok kan dimonitor terus setiap saat, beban bisa dibatasi... ternyata deprediksi kuat rong tahun ternyata sebulan wis ambrol... apamaneh prediksine kulit bumi, sing gak bisa didandani, gak bisa diatur bebane, beban gak bisa dipindah, tur gak ketok mata... paling pol ya mung nyebut potensi terjadinya, tanpa ngarani kapan bakal terjadine...
Nah merga prediski gak nyebut waktu secara spesifik, mula prediksi mung manfaat kanggo langkah antisipasi dudu kanggo penyelamatan korban. Prediksi perlu kanggo pengaturan tata ruang, pedoman nek arep nggawe bangunan (bahan, kekuatan, struktur), perencanaan wilayah, dll. Prediksi gak bakal efektif kanggo penyelamatan .. lha piye kan gak mungkin... nek suatu daerah diprediksi rawan lindhu terus penduduke dilarang keluyuran, terus diprintah kon kemping nang gunung utawa njengking terus nang ngisor longan... Walaupun daerah kono jelas “hampir pasti” (pasti iku hanya milik Allah!) bakal ana lindhu gedhe, tapi lak gak ono sing ngerti kapan terjadi, nek sesuk apa emben sih mendhing... lha nek sasi ngarep, tahun ngarep, sepuluh tahun meneh, satus tahun meneh... Njengking terus satus tahun? Emang enaaak. Wak pancen ideal nek sakdurunge ana lindu wis bisa diramal.. kaya ramalan cuaca (supaya konsisten kudune prakiraan cuaca kaya teveeri biyen).. masiyo ramalan cuaca mleset.. tapi kan gak adoh-adoh banget... Wah saumpama lindhu bisa digawe prakiraan kaya cuaca (keto’e bu Mega wae nate salah pengertian nang masalah iki), apameneh ngerti wektune tur cukup omber (sebulan apa seminggu sakdurunge "deng").... uuueeenak tenan. Saumpamane lindhu lan tsunami Aceh, lindhu Nias, lindhu Jogja, tsunami Pangandaran (senajan gak bisa dihentikan utawa tetep terjadi), bisa diketahui seminggu sakdurunge kedadean... yakin nek korban bisa diminimalisir. Penduduk daerah rawan lindhu utawa tsunami mau gak perlu njengking nang ngisor longan utawa ngungsi nang nggunung nganti atusan tahun... deweke nembe kon ngungsi utawa njengking nek lindhu lan kemungkinan tsunami wis cedhak wae (ibarate wektu imsyak kanggone sing sahur nalika arep nindakne siyam)... Merga iku, kawit jaman bingek... gak kurang-kurang menungsa usaha kanggo nggoleki cara kanggo ngawe prakiraan lindhu kanthi nyinau tanda-tanda alam. Ana sing nyoba nganalisa citra satelit daerah sing kena lindhu gedhe sesaat sakdurunge lindhu... nah saka analisa iku banjur ana spekulasi “mega njlirit” saka Jepun, Iran, mbantul lan Kuningan iku. Ana meneh sing nganalisa emisi gas mikro (contone Radon) saka daerah lindhu, ana uga sing ngamati migrasi kewan tertentu, manuk misale (kaya crita email tentang seorang anggota Marinir nang Aceh). Sayange teori-teori iku durung ditampa karo jumhur Empu, merga dianggep isik durung istiqomah (konsisten) lan durung iso dijelasne kanthi gamblang nganggo logikane para Empu mau. Tapi Empu juga manusia, teori menungsa dudu dawuhe Gusti, nek ana teori baru sing luwih ampuh, teori lawas bisa wae dikoreksi utawa malah gugur. Wis lumrah ing jagading ilmiah....

22.2.06

bayan semun the series: parnograpi....

bar acara "udar gelung" bayan semun jagongan nang bale deso, lurahe takon soal tanggane bayan semun sing jenenge mba' lastri.. takon gak merga ana skandal utawa melok naksir karo randa ayu kempling sing radak kenes iku, lurah mung arep ngertakne soal kabar miring, sing dadi gosipe warga desa neng acara arisan sing marahi pak lurah rumangsa gerah, nurut kabar-kabari wargane iku sing sering gonta-ganti gandengan kaya montor trailer... malah sering mulih ngajak wong lanang sing nginep nang omahe barang...
lurah: "yan... apa mba' lastri saiki isik sering mulih nggowo wong lanang?"
bayan semun (bs): "lha dek malem minggu wingi nika... kadose nggih onten tiyang jaler nginep teng omahe mba lastri kok..”.
lurah: “piye ta yan... kok kowe ora bertindak… sesuk meneh nek ana digrebek ae bareng pemuda kampung?”
bs: “kula ajrih pak.... lha nek kula dobrak lawange terus kula ndelok adegan ‘nganu’ berarti rak kepasal kalih undang-undange parnograpi!.
lurah: “kowe rak nindakne kewajiban minangka pamong njaga tertib lingkungan mosok kena pasal”.
bs: “oooo dados undang-undang niku ngangge milih too….. biasane wong cilik kados kula niki namung angsal apese mawon".
lurah: “maksudku gak kabeh ndelok utawa nglakoni sing saru mesti kenek pasal... kaya urusan kamarmu karo bojomu dewe, angger gak kok pamer-pamene ya gak kena pasal pornograpi. kowe eling ora ceramahe ustad muhidin kae, kelonan karo bojo kuwi wajib, malah bisa diarani nindakne 'sunah rasul'...”
bs: "ooooh... ngaten tooo, dadi nek kalih bojo dewe, mboten porno nggih? tiwas empun telung sasi niki kula wonten nate nyenggol bojo kula blass".
lurah: “oalah mesakne men...”.
bs: “nggih... pak, terus terang mawon niki teksih onten melih sing ajeng didawuhne mboten, nek mboten kula ajeng nyuwun pamit kriyin”
lurah: "lho kok kesusu ae arep nangendi ta yan... wong lagi enak-enak jagongan".
bs: "ngngngggg.... nganu pak… mergi telung sasi poso, kula ajeng sunah rosul.. rapelan buko”
lurah: “oalaaahhh....... ya wis kana, sing ngati-ati, payunge sing rapet aja kebobolan meneh, wong anak wis lima kemriyek ngono..".
bs: 'maturnuwun pak....."

25.8.05

Ciri-cirine wong Madiun...

Pasargebouw te Madioen, Oost-Java, gebouwd in 1927. Het geheel is in beton opgetrokken en voorzien van tegelvloeren. http://www.kitlv.nl

Foto Pasar Besar Madioen, tahun 1930-an
Nek sampeyan memenuhi sebagian/seluruh kriteria saka daftar di bawah...Walaupun gak ngaku, sampeyan pantes dicurigai utawa terindikasi sebagai wong Madiun....


  1. Makanan pokoke sego pecel: esuk sarapan sego pecel plus wedang kopi, awan pecel ngombe diglontor es cendol, bengi pecel ngombe ditutup teh manis....
  2. Sing perantauan, angger mudik sing digoleki sego pecel sing enak, angger balik rantau sangune lempeng mentah, sambel pecel...
  3. Plesirane nang nDungus, Sarangan utawa Ngebel...
  4. Nesu nek diarani turunan PKI..
  5. Pelawak favorite Kirun, idolane Ratih Sanggarwati, ngefans Ratna Listy...
  6. Nek tanggal nom blanja utawa cuci mata-ne nyang Sri Ratu...
  7. Numpak angkutan umum jarene nunggang Colt, padahal gaweyan Toyota, Daihatsu utawa Suzuki...
  8. Nek kaget, aloke "Biyuh, biyuh.... jegeg men".. ngarani dowo banget dadi "duuuowo", adoh banget dadi "uuuadooh nang jabalekat" misuhe "jiamput", "jiangkrik".
  9. Ngarani bakwan jare "heci", nyebut toge jare "ganteng" utawa "capar"
  10. Ketemu nyamuk gede-gede alok "jingklong sak emblag-emblag"
  11. Cilikane tau dicekel "waker" merga nyolong tebu pabrik...
  12. Sepeda montor disebut "brompit" mereke mesti Honda... Honda Yamaha, ya Honda Suzuki, ya Honda Kawasaki, ya Honda Kymco, ya Honda Honda, dst....
  13. Kirim email attachment-e: brem, madumongso, sambel pecel karo lempeng puli...
  14. Gendèng omahe dilabur tulisan AAPIK...
  15. Melok dadi anggota minimal simpatisan perguruan silat Setia Hati (Terate, Winongo, dll), nek ketemu sing beda aliran terus plerok-plerokan.
  16. Nang akte kelahiran utawa ijasah tertulis lahir nang Madiun (termasuk wilayah andahane kaya Pilangkenceng, Geger, Cigrok, Bendo, Tinap, Ngegong, Wayut, Muneng, Delopo, dll
  17. Ora nganggo klambi diarani "ote-ote"
  18. Komplek tentara disebut "bosbow", batas kota jarene "tèk-an", pasar bekas terminal disebut "sleko"
  19. Nyebut gedung bioskop jare "MT", nek minggat jare "colut"
  20. Nek nang Jakarta dadi tukang "ledek munyuk" alias "topeng monyet"
Thank's to member of Mailing list Madiun-Club

15.8.05

desa mawa tata kuta mawa becak

ciri khas kota iso didelok soko becake.. becak jawa tengah, penumpange mendelep ketutupan spatbor gede.. cocok karo wonge sing lembah manah, andap asor, gak seneng nonjol.. becak suroboyo, penumpange angkruk-angkruk nang nduwur, cocok ambek gayane arek suroboyo sing omonge apa anane, tanpa tedeng aling-aling....
wong sumantrah wegah kangelan, mula becake tanpa nggenjot alias nganggo mesin montor (apamaneh jarak nang sumatra iku rak adoh-adoh.. sak desa ae puluhan kilometer, lha nek nggenjot ya gempoe tenan).
sing paling menarik becak pematang siantar, mesine montor uduk kuno (merek a.l. bsa utawa
matjles) persis banget pilem perang jerman… apamaneh nek mlaku nang daerah berbukit..
nang padangsidempuan nganggo skuter vespa kuno, lambretta.
kuta liyane liyane kaya banda aceh, medan, pekanbaru, becake wis nganggo mesin sepeda montor anyar (honda, yamaha, suzuki)…
lha nek nang makassar… wong sing ukuran badene “jumbo” dilarang numpak becak… soale lungguhane sempit.. kangelan olehe nyeleh bokong… mungkin wong bughis iku awake pancen cilik-cilik yake...
nah kepiye kelakuane para penarik becak?
nek sampeyan kepingin dihormati… coba numpaka becak nang jogja.. sampeyan mesti diceluk radèn.. “derekaken teng malioboro nopo dèn?” .. beda jogja beda solo, priyayi solo kuwi gayane alus, tumindake anteng mriyayeni, mula ora pareng eyel-eyelan karo tukang mbecak.. nek numpak becak ora kena ngenyang.. langsung wae lungguh terus ngomong tujuane.. tekan nggone dibayar “sesuai harga” sokur-sokur ditambahi.. mesthi tukang mbecake
langsung maturnuwun…
suroboyo… kuta sing tukang mbecake wong meduro iku terkenal ngèyèle jare cirine nduro iku logis tapi gak rasional… mula gaya priyayi solo gak cocok kanggo numpak becak ndik suroboyo.. isok dijungkirno tenan sampeyan…
ngomong-omong aku wis lali ciri khas becak mediun? maklum ra tau numpak becak nang mediun, apameneh wis suwe gak mudik, terus nang jakarta wis ra tau eruh becak, lha jaman gubernur wiyogo becake dijegurno segoro, sing isik slamet didol enny beatrice (mantan bintang filem) nyang negoro londo…
salam mbecak...