15.8.05

desa mawa tata kuta mawa becak

ciri khas kota iso didelok soko becake.. becak jawa tengah, penumpange mendelep ketutupan spatbor gede.. cocok karo wonge sing lembah manah, andap asor, gak seneng nonjol.. becak suroboyo, penumpange angkruk-angkruk nang nduwur, cocok ambek gayane arek suroboyo sing omonge apa anane, tanpa tedeng aling-aling....
wong sumantrah wegah kangelan, mula becake tanpa nggenjot alias nganggo mesin montor (apamaneh jarak nang sumatra iku rak adoh-adoh.. sak desa ae puluhan kilometer, lha nek nggenjot ya gempoe tenan).
sing paling menarik becak pematang siantar, mesine montor uduk kuno (merek a.l. bsa utawa
matjles) persis banget pilem perang jerman… apamaneh nek mlaku nang daerah berbukit..
nang padangsidempuan nganggo skuter vespa kuno, lambretta.
kuta liyane liyane kaya banda aceh, medan, pekanbaru, becake wis nganggo mesin sepeda montor anyar (honda, yamaha, suzuki)…
lha nek nang makassar… wong sing ukuran badene “jumbo” dilarang numpak becak… soale lungguhane sempit.. kangelan olehe nyeleh bokong… mungkin wong bughis iku awake pancen cilik-cilik yake...
nah kepiye kelakuane para penarik becak?
nek sampeyan kepingin dihormati… coba numpaka becak nang jogja.. sampeyan mesti diceluk radèn.. “derekaken teng malioboro nopo dèn?” .. beda jogja beda solo, priyayi solo kuwi gayane alus, tumindake anteng mriyayeni, mula ora pareng eyel-eyelan karo tukang mbecak.. nek numpak becak ora kena ngenyang.. langsung wae lungguh terus ngomong tujuane.. tekan nggone dibayar “sesuai harga” sokur-sokur ditambahi.. mesthi tukang mbecake
langsung maturnuwun…
suroboyo… kuta sing tukang mbecake wong meduro iku terkenal ngèyèle jare cirine nduro iku logis tapi gak rasional… mula gaya priyayi solo gak cocok kanggo numpak becak ndik suroboyo.. isok dijungkirno tenan sampeyan…
ngomong-omong aku wis lali ciri khas becak mediun? maklum ra tau numpak becak nang mediun, apameneh wis suwe gak mudik, terus nang jakarta wis ra tau eruh becak, lha jaman gubernur wiyogo becake dijegurno segoro, sing isik slamet didol enny beatrice (mantan bintang filem) nyang negoro londo…
salam mbecak...

No comments: