19.12.08

Menjebakkan diri dalam penjualan tiket Citilink


Sakwise acara nang nDelopo, Madiun ing dina Idul Adha, kepingin bali menyang Jakarta ing dina Selasa esuk tanggal 9 Desember 2008. Tapi merga wis usaha pesen tiket lumantar agen langganane adikku ing Surabaya gak entuk, arep browsing online ing nDelopo Indosat 3G-ku mung entuk sinyal GPRS, apameneh wektu iku pancen puncak "arus balik" liburan. Last alternatip "go-show" (spekulasi langsung menyang konter utawa tuku nyang "calo").
"Wong awak ijen ae kok repot", ngono batinku. Merga nginep menyang Pepelegi, subuh wis teka Bandar Udara Juanda Surabaya. Sing tak jujug sepisanan konter karcis montor muluk merek Garuda "the flag of Indonesia" kebanggaan kita. Miturut petugas konter, karcis sing kanggo melu mabur jam 06.00 menyang CKG Jakarta kelas ekonomi wis entek, kari ana sawetara lembar sing kelas bisnis.
"Regane pira mBak?"
"Rong yut......"
"Walaah.. ya wis lah mbak, rasah diterusne, dompetku gak minat... matur suwun", kandaku karo klepat lunga.

Aku gegancangan menyang "Gate 1" panggonane konter montor muluk sing biasa adol "karcis miring". Sepisanan ketemune konter duweke Citilink sing duwe semboyan "Enjoy Simplicity" anake Garuda sing lagi nganakake program diskon iku, sapa ngerti entuk sing Rp 0,-. Wektu iku loket durung bukak, nanging ora adoh saka kono ana sawetara uwong sing nawakne karcis Citilink.
"Jakarta limangatus seket Pak, mangkate jam nem esuk".
Jarene nol Rupiah, kok didol limangatus seket ewu, tak pikir ing loket resmi mesthi luwih murah. Ndilalah ing cedhake kono ana roll-up banner "PARA CALO DILARANG BERHUBUNGAN DENGAN CALON PENUMPANG" Weh tambah isin aku... kepingin "MENERAPKAN GOOD CORPORATE GOVERNANCE", dadi wong sing sadar hukum lan miwiti berbudaya tinggi, aku mung mesem, terus mlengos jumangkah tumuju konter sing durung bukak mau ngantri.
Ndilalah ora nganti limang menitan wis ana "tanda-tanda kehidupan" konter bukak mak byak. Kangmasku sing antri urutan pertama menyang jurusan mBalikpapan wis entuk sing mabur jam pitu esuk mengko.
"Kalo Jakarta berapa mBak" aku sing ing mburine takon menyang petugase.
"Satu juta sepuluh ribu"
"Ya ampyun... ya wis mBak matursuwun"

Pikiran pragmatisku main... kesadaran-hukumku, rasa isinku lan idealismeku jebul durung kuat.. mbelgedes... bocah cilik wae ngerti tuku tiket menyang sing "adol jasa" mau jelas luwih untung. Lha wong alasan nolak tawaran penjual jasa mau sakjane ya mung merga duwe ekpektasi nek tuku ing konter resmi luwih murah tinimbang menyang njaba. Pikiran jahat melu-melu nrambul, "Wis ben wae lah wong pada golek pangane lan bagi-bagi rejeki, wong deweke golek tiket murah iku ya nganggo effort kok anggep wae deweke profesional". Lha rak tenan, mulai golek-golek "alasan pembenaran" sampeyan kuwi...
Akire aku nemoni "profesional" sing nawakne mau, kaya sing wis tak kira.. kaya harga saham regane setiap detik tiap sessi berubah.
"Saiki nematus ewu Pak, sampeyan ngerti dewe ta nang loket mau pira?"
Sakjane ya isik kepingin protes.. tapi jelas lan logis... mbayar nematus ewu luwih untung ketimbang mbayar sakjuta sepuluh ewu wong montor mabure lan kelase ya padha wae....
Terjadilah... aku "menjebakkan diri" nindakne "transaksi tidak wajar" sing "berhasil dilakukan pada waktu itu" di depan konter Citilink ing Bandara Internasional Juanda Surabaya.
KTP gambar Garuda tak wenehne. Kaya sing wis dijanjekne... ora perlu mbayar dhisik, mengko wae yen karcise wis ana... tak etung ana wong lima sing dadi klien penjual jasa mau. Deweke ngusulne tiket gabungan wae.
Cacak sing nggantheng rapi lan nganggo hands-free ing kupinge, nampani KTP-ku lan identitase klien liyane, terus umak-umik ndikte embuh karo sapa lan menyang endi, aku ora ngerti.
Ujug-ujug ana petugas penertiban (ndelok saka seragame) lewat kono..
"Wah bakal batal transaksi sing mencurigakan iku", batinku kuwatir.
"Husy.. syah... lunga kana aja ngganggu penumpang ae..", kandhane kaya nyentak tapi gayane cengengesan karo terus nglungani gak noleh meneh.
Gak nganti lima utawa sepuluh menit, tiket wis dadi... aku gak ngerti embuh ing endi olehe "data entry" lan "print".
"Regane pitungatus ewu Pak"
"Lho jarene mau nematus ewu, kok cepete mundhak yok opo sih?"
"Tiap detik beda Pak.. soale sistem online, iki sakjane jatah agen kok. Nek sampeyan gak gelem yok apa nek dibatalno ae", kandane rada ngati-ati mungkin mulai curiga ngira aku wartawan (blogger.. ha,ha,ha...) utawa intel pulisi... haiyah GR banget lu..
Sakjane aku ya isik kepingin ngerti, "nek online endi komputere.. wong ya gak ketok laptop utawa PDA ing cedhak kono?". Tapi rumangsake kok "kaya kurang gaweyan" apameneh butuh, kesusu lan penumpang liyane ya setuju.. ya wis lah "no choice". Mlayu menyang ATM sing cedhak kono, duwik abang gambar proklamator pitung lembar pindah tangan ditukar tiket siji kanggo wong telu.
Langsung check-in lan mlebu ruang tunggu. Miturut sing tak jak ngobrol ing ruang tunggu, sing ngakune ngerti selukbeluk cyber-crime, moduse "profesional penjual jasa" iku wis booking karcis lewat internet, golek the best reasonable price, terus didol luwih miring tinimbang rega ing loket (tapi dekne wis untung gede) karo penumpang sing butuh lan kepingin entuk tiket luwih miring tapi gak booking sakdurunge kaya aku iki.

Tak delok ing print-out e-tiket, dicetak nganggo printer dot matrix lan karbone wis mulai luntur, nama calon penumpang, tujuan, lsp tercetak.. tapi rega tiket kok gak tercantum? Apa iki standar tiket Citilink apa piye, aku gak ngerti. Tapi meneh... untunge iki bayar pribadi sing gak butuh di-reimburse kantor ya gak apa-apa.
Aku gak bisa ngarani iku legal apa ora, saumpamane iki ilegal, wong njero Citilink "terlibat" apa ora aku gak peduli, merga aku gak berhak nuduh apamaneh nyelidiki....

Masiyo gak entuk apa-apa lan bagasi luwihan mbayar dhewe, tapi adhem ayem bisa katut mabur ing njerone manuk wesi tipe Boeing 737-300 nganggo tiket luwih murah tinimbang konter lan dilayani karo awak kabin sing "kepenak disawang" (masiyo judes lan gak ana ramahe blas) ketimbang umume awak kabine emboke (Garuda) sing biasane kalebu golongane sing "jam terbangipun sampun sak buaaajegg"... ha, ha, ha....

26.2.08

Sekolah kanggo bocah "ndhugal"

Tinimbang ndelok sinetron perselingkuhan, gossip artis utawa variety show sing mboseni, akhire pindah kanal alternatip. Disamping bisa kanggo ya-megaya, ethok-ethok nglatih kuping krungu basa keju (masiyo mangane ya "uwi mbolo"), jebul akeh piwulang sing bisa dijupuk saka tontonan iku (Nek istilahe bung Harmoko "tontonan yang bisa dijadikan tuntunan") .

Ndilalah nyangkut nang kanal Discovery, kepilut giyaran "Gateway Asia: Brat Academy"... Nek jare aku academy kuwi kok memper IPDN, nanging ing Negara Cina lan gak ana kekejaman senior menyang yunior (miturut penelusuran saka primbon mBah Kyai Google jare filem sejam iku karyane produser lokal Cina, maksude dudu wong bule).

Prologe tayangan mau Negara Cina sing ekonomine maju pesat, nanging kaya umume bangsa sing nembe berkembang, ngadepi masalah sosial sing serius khususe ing kalangan generasi muda Tansaya akeh remaja sing "bermasalah" kaya seneng mabuk, madhat narkoba, ugal-ugalan, meteng di luar ningkah, seks bebas, lan kenakalan liyane.

Ngadepi masalah cah ndugal utawa nek wong Jawa Timur ngarani "arek mbethik" ngono iku sawatara kalangan pendidik nawarake solusi arupa sekolah khusus sing dirancang kaya kamp militer. Teorine nglatih bocah suwene setahunan kanthi disiplin lan kegiatan militer dianggep dadi cara sing manjur kanggo ngajari bocah sing wiwitane "luput suwuk" utawa "kaya gombal lap kompor lenga patra maksude dikumbah ora teles diobong ora murub" bisa duwe rasa disiplin lan gelem tanggung jawab. Sing luwih penting ing tembe mburine dadi uwong dewasa sing berguna kanggo keluarga, lingkungan, masyarakat, bangsa dan negara, lsp.

Jebule sekolah iku ora murah (biayane 35.000 Yuan utawa kira-kira Rp 35 juta-an kanggo setahun), mula sing bisa nglebokne anake ing sekolah iku ya mung keluraga kelas menengah ke atas.

Salah sijine sekolah cah ndugal sing paling ngetop dipimpin dening tokoh kharismatik jenenge pak Xu Xiangyang. Gaya rambute cepak klimis, nek nganggo kacamatane bunder model John Lennon ketok wibawane minangka Kepala Sekolah.

Kurikulume beda karo sekolah biasa, ora ana ruang kelas sinaune ing ndalan. Murid-murid mau dijak konvoi numpak truk militer pindah-pindah tempat, ndelok tempat-tempat bersejarah utawa tempat liyane. Intine bocah-bocah iku dadi adoh saka omah lan pisah karo wong tuwane. Ora mung numpak truk karo mlaku-mlaku thok, tapi kudu mandiri, misale bubar mangan kudu ngisahi piring dewe, ngumbah klambi dewe, nyetrika dewe mberesi tempat tidur dewe. Lucu banget nalika ana sing diajari nglempit klambi wae ora bisa, ketok nek bocah mau ing ngomah ora nate nandangi gaweyan sepele-sepele kaya mau… kan isih bisa kongkonan si Inem... he,he,he...

Mangan lan turune ya ing truk iku. Sing abot ana ritual napak tilas sejarah Cina, yaiku “long march”, saben dina minimal mlaku patangpuluh kilo, sampek sekolahe pak Xu mau dijuluki “Sekolah Mlaku”. Mlaku iku kaya pemanasan merga ana aktivitas liyane kaya outbond utawa kepramukaan yaiku nindakne tugas-tugas sing wis disiapne instruktur…. Jare instrukture, mlaku lan urip bareng kancane mau kanggo ngajari supaya bocah-bocah duwe kesadaran nek arep nggayuh apa wae kudu nganggo usaha lan butuh bantuane wong liya.. gampange ngikis sifat kesèt (malas) lan egois...

Ing tayangan iku ana ilustrasi cewek ABG (14 tahunan) sing mbangkang nekat metu saka sekolah. Disidang karo wong tuwane lan instrukture. Ketok ibune tipe cerewet lan kurang sabaran ngadhepi anake (typical ibu-ibu kali yaaa). Suara hati ABG mau ketoke gak beda karo bocah sak umurane deweke ing sakiwe tengene awak dewe (bisa wae ponakan, tangga utawa malah anak dewe).

Contone:
“Aku kepingin dadi awakku dewe, aku sing tanggung jawab lan milih besuk arep dadi apa”. “Saumpamane aku manut karo ibu, apa ibu njamin nek uripku mbesuk bakal kepenak".
"Apa gunane sekolah, wong ana sing gak sekolah tapi uripe ya kepenak”.
“Wis... aja ngurusi aku, aku iso ngurus awakku dewe” ngono kira-kira (merga omonge basa Cina, bisaku mung maca tulisan.. he,he,he).
Pancen mirip karo dongeng legenda Cino “Na-cha”, bocah pembangkang sing akhire malah dadi penolong wong tuwane, ing tayangan iku akhire si ABG ya gelem sekolah meneh lan sadar menawa sekolah iku penting kanggo masa depane... ketok nganggo seragam militer noleh menyang kamera karo mesem.
“Aku pasrah bongkokan pokoke anakku sampeyan dadekne bocah sing bisa njaga namane wong tuwa” ature si Ibu nalika masrahne anake.
“Tak estokne Bu, anak sampeyan bakal tak jaga lan tak dadekne bocah sing utama” ature pak Xu Xiangyang tegas. tancep kayon.

Tayangan rampung.... nanging isik ana pitakonan sing nggandhul ing pikiranku “Gampang ngapura marang kesalahane bocah, "nguja" utawa nuruti apa wae karepe bocah, malah bisa njlomprongne, merga marahi bocah mung njagakne karo wong tuwane (gak mandiri), ora duwe disiplin, gak duwe rasa tanggung jawab, akhire malah dadi "biang masalah" ing sadhengah papan.

Nanging ngajari disiplin iku apa kudu kaya militer ngono kuwi? Tak kira latihan disiplin pancen penting, nanging perlu diimbangi karo menehi pengertian lan kesadaran. Ngajari supaya bocah nindakne tumindak becik lan ninggalne panggawe ala perlu dibarengi pangerten geneya deweke kudu nindakne iki lan nyangapa deweke gak entuk nindakne iku, kanthi reason sing bisa tinemu nalare bocah. Teori sih gampang.... praktek.... hhuuuangel tenan.

Xu Xiangyang quote: