Ing sawijining dina sakwise Kanjeng Nabi Muhammad SAW seda, Abubakar r.a tindak menyang dalemé putriné yaiku Aisyah r.ha. terus nyuwun pirsa menyang putrine, "Anakku Aisyah, apa ana sunnah-é kekasihku (maksude Kanjeng Nabi Muhammad SAW) sing durung tak tindakné?"
Aisyah r.ha. matur marang ramané, "Duh rama pepunden kula, tuhu panjenengan salah sawijining ahli sunnah, prasasat sedaya sunnahipun Kanjeng Nabi sampun panjenengan tindakaken, namung setunggal mbokmenawi ingkang rama dereng panjenengan nindakaken"
Krungu aturé putrine mau Abubakar r.a. adreng (penasaran), "Enggal matura, apa kuwi sunnah sing durung tak tindakné?"
“Duh rama… saben enjing Rasulullah SAW punika tansah dateng pojokan pasar Medinah, ngasta dhaharan kangge pengemis Yahudi wuta ingkang mapan ing pojok pasar mrika”, aturé Aisyah.
Esuké, kaya sing tansah ditindakné Kanjeng Nabi, Abubakar r.a. tindak gegancangan menyang pojok pasar nggawakaké pangan pengemis Yahudi wuta sing mapan ing kono.
Nalika sepisanan ketemu karo pengemis Yahudi iku Abubakar r.a. kagèt, dene pengemis wuta iku tansah ngundamana, ngèlèk-ngèlèk, ngomong fitnah marang Kanjeng Nabi SAW.
“Sedulur-sedulur… kowé wis ngerti ora, Muhammad kuwi wong edan, tukang tenung, tukang apus-apus… wis pokoke aja cedhak karo Muhammad, bakal cilaka kowé…” ngono kandhané keprungu cetha dening wong-wong sing ana ing sakcedhake kono.
Kanthi sabar Abubakar r.a. nyedhaki pengemis iku, dhaharan iku diparingné. Nanging pengemis Yahudi iku malah nesu. “Sapa kowé?”.
Abubakar njawab “Aku wong sing biasa kisanak...”
“Biasa apané… aja ngapusi, kowe dudu wong sing biasa!!”, pengemis iku nyentak, “Sing biasa kuwi nèk mréné nggawa panganan gak perlu tanganku nyekeli déwé, aku didulang kanthi sabar, telaten lan ngati-ati”.
“Ya mangga… kisakak tak aturi mangap.. niki kula dulang”, kandané Abubakar r.a. karo nempelaké panganan menyang lambéné pengemis iku.
Nanging lagi wae panganan iku diemplok malah disemburné “Kowe dudu wong biasané.. wong biasané iku nék ndulang dialusné dhisik, aku kari ngeleg gak kangèlan mamah”.
Ora tahan nahan kreteging manah, Abubakar r.a. kembeng eluh terus mbrèbès mili, kathi sesenggukan Abubakar matur blaka (terus terang), dèwèké pancèn dudu pawongan sing saben esuk rawuh ngasta pangan lan ndulang, piyambake mung salah sijine sokabate.
”Duh kisanak… wong luhur budiné sing saben esuk rawuh lan ndulang iku.... ora bakal bisa rawuh mréné maneh, merga sawetara wektu kepungkur panjenengane.... seda........”, ature Abubakar r.a.
Krungu warta iku ulaté pengemis malih luwih semanak, Abubakar r.a. banjur nerusaké matur:
“Nek kisanak kepingin ngerti sapa pawongan luhur budiné sing ngasta panganan lan ndulang sampeyan iku.... piyambake ora liya yaaaa... Kanjeng Nabi Muhammad piyambak!!!…”
Kaya disamber bledeg luput, pengemis Yahudi iku kagèt.. kamitenggengen sedéla banjur mingseg-mingseg nangis, “Apa bener ngendikamu iku? Gek wong aku aku iki lhoo... duh pira luputku yen ngono.. wong sing tak gethingi, wong sing terus tak hina, sing tak fitnah nanging nalika cedhak aku ora ana tanda-tanda babarpisan yen deweke iku nesu, babarpisan ora krasa ana tanda tumindak kasar marang aku, saben esuk tanpa telat wis tekan nyang kene nggawa pangan lan ndulang aku... ora ana pawongan liya sing luwih sabar, luwih tulus, luwih telatèn lan penuh perhatian ngopeni aku tinimbang deweke… aku keduwung banget!”.
Abubakar r.a. mbrebes mili nguningani kanjeng Nabi isih tetep sabar, telaten, tanpa pamrih marang wong sing gething, tansah ngundamana nyebar fitnah lan ngelek-eleh panjenengane. Mbokmenawa Abubakar r.a. bakal nangis gero-gero nalika ing akhir jaman iki weruh sing ngaku ummat Kanjeng Nabi Muhammad SAW tumindak sawenang-wenang marang sepada-pada.
Mugi kawula tinebihaken saking pikiran, krenteging manah, pangucap lan tumindak ingkang mboten pikantuk Ridha-nipun Gusti Allah SWT lan Kanjeng Nabi SAW...
Wallahu a'lam..
.
mBILAWANG - nJEGOLAN
blog boso jowo duweke wong jerukan kulon kanalan..
14.2.11
12.6.09
Milih...
Menungsa urip sing kadunungan akal mesthi nate milih, nggawe keputusan ya mesthi milih. Bayi Jawa koeno, lumantar ritual “turun tanah” diajari milih. Bayi sing isik umur setahun iku dilebokne kurungan pitik, disediani barang sehari-hari bisa wae Blackberry Bold, IPod Apple, netbook Asus, hendpon Nokia, kamera dslr Canon, duwit dollar, gak ketinggalan irus, enthong, kipas pring, dll. Sakbanjure bayi iku kon milih barange salah siji. Namanya aja bocah umur segitu... kalau enggak termasuk "anak ajaib" barang yang dipilih ya belum bisa menggambarkan apa-apa... lha wong bayi setahun wajar ta nek durung ngerti dan juga belum butuh benda-benda seperti itu. Dia belum bisa membedakan BB Bold dengan irus, belum ngerti gunane Netbook EePC ataupun tepas pring. Saya ndak ngerti arti ritual itu secara Kejawen, tetapi nurut saya ritual jadoel itu bisa jadi media untuk mengajarkan bahwa dalam kehidupan anak manusia pasti pasti dipenuhi dengan kegiatan memilih...
Ketika umur lima tahun, anak dibantu emak-bapaknya juga memilih mau di rumah atau sekolah di TK Islamiyah atau TK Bonaventura. Mau ke SD Inpres di pelosok nDelopo atau ke SD Unggulan di kota Madiun yang sifatnya masih umum dan mendasar. Tahap selanjutnya, kegiatan memilih jalan hidup semakin mengerucut, setelah mulai mengenal dunia dewasa maka pilihan mulai lebih jelas dan terarah. Di sini mulai mempersiapkan untuk menjadi atau menuju sesuatu. Pilihan sudah tergambarkan dengan lebih jelas karena dikaitkan dalam rangka mencapai cita-cita.
Termasuk Yu Darmi sekarang menjadi Nyonya Semun iku ya melalui proses memilih. Ketika muda dulu bejibun pria yang nate singgah ing atine Yu Darmi tapi hanya kang Semun-lah yang akhirnya tertambat di kandang hatinya. Kang Semun ya mengkono, sakwise mengembara dari "kembang gaceng" sampai "kembang telekan ayam", akhire ya madhep mantep milih parkir di terminal terakhir yaitu kombongnya Yu Darmi.. langsung mak bleng.
Kang Semun dadi Bayan iku juga pilihan, pancen wiwit cilik Bayan Semun duwe cita-cita dadi Bupati Magetan, sak ora-orane Camat Maospati lah. Dene sekarang mung dadi Bayan.. mungkin itu memang sudah tekdir. Mula deweke gak menyesal tur ya enggak salah merga dalane wis bener.... artime gak salah jurusan. Ibarate duwe cita-cita nyang Suroboyo... saka Pingkuk mung mentok tekan Nganjuk (merga sangune ngepas utawa alasan liyane), iku gak berarti salah pilih dalan, cuma pancen Gusti Alloh durung (ora) ngersakne. Beda cerita... nek cita-citane arep nyang Surabaya tapi kesasare neng Sragen... iku jenenge salah milih angkot (wong ndesaku bilangnya "Colt")....
Gusti Allah wis maringi petunjuk, lumantar para Nabi, utawa wong sing dipilih, lan wis niup ruh atine dewe-dewe. Mula iku, aku sampeyan kabeh diwenehi kebebasan milih.
Nah, merga wis diwenehi kebebasan milih ... resikone ya kudu wani nanggung. Lha wong diangkat mlebu suwargo apa didelepne neng neroko iku ya saka pamilih. Merga nek mlebu neraka utawa suwargo iku wis tekdire, ya gak perlu ana dakwah, gak perlu keraya-raya ngibadah, gak perlu nambah ngamal. Wis jelas ae kok... arepa ngibadah apa mblakrak, arepa ngamal apa nggarong ya gak ngaruh... nek pancen wis tekdire suwargo ya suwargo, nek wis entuk cap neraka arepa kaya apa ya nyemplung neraka... Tapi kan gak kaya ngono, menungsa isik wajib usaha supaya bisa mlebu suwargo lan ora kejebur mlebu neroko. Amin...
Masiyo menungsa wenang milih, nanging arepa kepiye kemampuane menungsa kan terbatas, mula sangat-sangat mungkin bisa salah milih, salah milih sekolah, salah milih jurusan, salah milih gaweyan, salah milih bojo, salah milih kanca, salah milih pemimpin, dll. Menungsa mung wajib setiyar Gusti Alloh sing nemtokne. Mula nek wis berusaha maksimum.. golek info, mbanding-mbandingne, nggunakne nalar lan ilmune... ditambah pasrah, ndonga, nyuwun diparingi petunjuk lewat sholat istikharah, dll ternyata isik salah juga, ya gak kedosan.

Bisa wae pilihane dewe mung mung agawe kecewa, senajan wis usaha maksimum, pasrah lan ndonga, ya kudu ditampa apa nane. Durung mesthi lho... sing kanggo awake dewe apik, iku apik tumrape Gusti Alloh. Durung mesthi sing kanggone awak dewe bikin kecewa iku gak becik tumrape Gusti Alloh. Gusti Alloh ora sare, Maha Adil lan Maha Pirsa...
Bayan Semun muji syukur Alhamdulillah dadi Bayan Pingkuk masiyo cita-citane biyen bisa dadi Bupati Magetan. Lha piye beberapa Bupatine nate mlebu bui, tapi sejauh ini durung nate ana Bayan sing dibui merga korupsi... Halah...
Naudzubillahi min dzalik...

8.3.09
mBambungan saka daerah kumuh dadi milyader
Ngrubah nasib pancen gak gampang, wong nek wis kedhapuk "balung gembel", njelalahe angger ketemu wong ya gak nate nggenah, sing ketoke “nulung" jebule malah "menthung", sing ketoke setia bisa mbalik dadi khianat, ana sing apikan tapi gak bisa nulungi apa-apa. Wong nek wis kadhung entuk cap "mblakrak" masiyo entuk "kanugrahan saka Gusti Alloh" ya isik tetep dicurigai ae... diarani nganggo pesugihan kek, akal-akalan kek, ngae cara gak bener kek... wis pokoke ana ae. Nek dicurigai thok sih isik mendingan… tapi nek ditangkep pulisi terus disiksa entek-entekan nganti sekarat apa gak cilaka mencit... Iku intine pilem"Slumdog Millionaire" sing crita pengalamane Jamal K. Malik, pegawai magang ing call center sing bisa lungguh ing kursi panas kuis sing hadiahe spektakuler yaiku "Who Wants To Be A Millionaire” (nang India jenenge “Kaun Banega Crorepati”). Filem iki mborong 8 piala Oscar 2009, yaiku best cinematografi, best editing, best music & song (A.R. Rahman), best picture lan best writing. Iki pilem murmer, merga sebagian besar bintange njupuk cah biasa saka Mumbai sing dudu artis.
Filem digawe saka novel karangane oom Vikas Swarup, sing nulis skenario Simon Beaufoy, sing mbesut sutradara Inggris (Danny Boyle), bumbu Bolywood saka co-Director Loveleen Tandaan plus aroma Holywood. Alur ceritane sih biasa ae, lurus mirip pilem Boolywood umume yaitu perjalanan hidup somebody mulai cilik, remaja, nganti dewasa (pemain ganti ping telu sesuai umur), cuma cara bertutur via flashback. Iki filem menjual kemiskinan, sepanjang film diisi visualisasi daerah kumuh lan kehidupan jalanan keras ing Mumbai India kana. Tak kira bahan baku sing kaya kisah pilem iki nang kiwa tengen dewe (Indonesia iki) huakeh sak buajeg, gak adoh alur cerita sinetron prime time nang TV lokal Indonesia umume ta, cuma durung ana sing bisa “mengemas” kaya pilem iki....Balik nang kisahe Jamal Malik sing rekasa tapi njelalah “untung” terus. Contone nalika kampunge dirawuhi Amitabh Bachchan (nang filem diperankan as himself) bintang top Bolywood, deweke dicurangi kancane dikunci neng njero WC umum, akhire nekat mbrobos carane nyemplung kubangan "tokai"... kancane sing curang malah gak berhasil nyedhaki seleb merga bodiguarde rapet, tapi Jamal merga gluprut lan huambune gak nguwati iku... malah berhasil nembus barikade.. lan entuk tanda tangane Amitabh Bachchan
(masiyo nandatangani karo mithes irung), apese benda kesayangan mau didol kancane... dasar cilaoko terus!...Nasib apik pancen isik adoh saka Jamal, lahir saka keluarga sing kurang ditampa masyarakat.. (maaf aku gak bermaksud SARA, nang endi-endi minoritas secara posisi kurang menguntungkan....). Isik cilik ibune mati tragis ing kerusuhan reasialis. Diopeni karo Maman sing awale ketok mulya lan nulung, tapi gak luwih teka korak sing meres anak jalanan kanggo golek duwik. Nalika dadi anak asuh untunge (meneh) Jamal gak bisa nyanyi Darshan Do Ghanshyam, kancane (Arvind) sing nyanyine apik, malah matane dicukil nganggo sendok (astaghfirullah) kao juragane supaya picek lan gampang entuk duwik nek ngemis… Gak krasan nang bos sing kejem sewiyah-wiyah ngono iku... Jamal nekat mlayu bareng kakange (Salim)... tapi kepeksa ninggal “cinta monyet” si manis Latika.
Urip buron, tapi tetep kepingin ketemu cinta pertamane (ceile... iki salah sijine resep kuno kanggo mancing emongsi pentonton...). Nalika akhire bisa ketemu... jebul nasibe si doi ya melas merga "dipeksa" dadi "senuk" lan ganti nama yayang “Chery”. Wis ngono kakange si Salim sing sakdurunge dianggep pelindung, jebule gak sabar karo goda kepingin cepet duwe duwit akeh lan iso nguasani Latika juga, mula deweke khianat karo adhine dewe. Salim meksa Jamal karo Latika kon gabung dadi gedibale, Jamal nolak mentah-mentah malah berubah dadi dendam karo kakange sing ngrebut lan nggodol Latika. "I Will never forgive You"... ngono ujare Jamal menyang kakange si Salim.
Sakwise pisah karo Salim lan Latika, Nasib nemokne Jamal ing call center. Ya merga dadi pentil (penjaga tilpun maksude) pengganti gak dinyana dadi jalaran dekne entuk kesempatan emas bisa lungguh "nang kursi panas" kuis bergengsi. Nang studio RCTI... eh IBN dhing, kabeh pertanyaane Tantowi Yahya… eh Anil Kapoor, eh Prem Kumar.. bisa dijawab langsung, soale (suwer sinteron banget)... kabeh pertanyaan ana hubungane karo kisah kehidupane nalika mbambung, kaya lagu Darshan Do Ghanshyam, gambar presiden Amrik sing nang duwik 100 dollar US, nama Musketeer ketiga, dll.
Angger ditakoni presenter, jawabane kaya terlintas ngono ae mula terus dilontar kanthi polos, langsung to the point, ingatase dekne gak duwe pendidikan formal lan dudu kutu buku. Jamal dewe bisa dadi soal kuis, Jamal bisa njawab merga (a) curang misale kerjasama karo sing nggawe soal, (b) lagi untung ae (c) pancen jenius (d) takdir. Nak jawaban sing gak ana basa-basine iku gak disenengi Prem Kumar, si Tantowi Yahya-ne India. Pembawa acara kan males nek acarane garing gak menarik... nek bisa sing lungguh nang kursi panas kudu muter-muter lan ketok bingung dhisik, nggunakne kabeh bantuan (ask the audience, fifty-fifty, phone a friend), keok kepepet... nembe njawab ragu-ragu... tapi bener…. lak ngono. Mula deweke ngatur penangkapan lan penahanan si Jamal dening Polres Mumbai... Sing sering nonton pilem India bisa mbayangne pulisi India iku kaya apa... he,he,he....
Kepiye akhire… apa Jamal bisa nerusne melok kuis meneh, apa kalah merga hadiahe hangus (gak mandeg ing titik aman), apa bisa ketemu Latika cinta pertamane, nalika ketemu Latika apa isik seger apa wis sekarat? Tapi sing wiwitane durung dipahami karo si Jamal... terbukti kemudian sak kejem-kejeme Salim, sakjane ya tetep isik duwe sisi manusiawi , isik eling karo Gusti Allahe (sekilas adegan sujud karo maca istighfar) lan tetep sayang lan gelem korban kanggo kebahagiaan adhine si Jamal. Piye nasibe Salim? Wis bisa ditebak... tapi ben gak penasaran mangga nonton dewe pileme … he,he,he…
19.12.08
Menjebakkan diri dalam penjualan tiket Citilink

Sakwise acara nang nDelopo, Madiun ing dina Idul Adha, kepingin bali menyang Jakarta ing dina Selasa esuk tanggal 9 Desember 2008. Tapi merga wis usaha pesen tiket lumantar agen langganane adikku ing Surabaya gak entuk, arep browsing online ing nDelopo Indosat 3G-ku mung entuk sinyal GPRS, apameneh wektu iku pancen puncak "arus balik" liburan. Last alternatip "go-show" (spekulasi langsung menyang konter utawa tuku nyang "calo").
"Wong awak ijen ae kok repot", ngono batinku. Merga nginep menyang Pepelegi, subuh wis teka Bandar Udara Juanda Surabaya. Sing tak jujug sepisanan konter karcis montor muluk merek Garuda "the flag of Indonesia" kebanggaan kita. Miturut petugas konter, karcis sing kanggo melu mabur jam 06.00 menyang CKG Jakarta kelas ekonomi wis entek, kari ana sawetara lembar sing kelas bisnis.
"Regane pira mBak?"
"Rong yut......"
"Walaah.. ya wis lah mbak, rasah diterusne, dompetku gak minat... matur suwun", kandaku karo klepat lunga.
Aku gegancangan menyang "Gate 1" panggonane konter montor muluk sing biasa adol "karcis miring". Sepisanan ketemune konter duweke Citilink sing duwe semboyan "Enjoy Simplicity" anake Garuda sing lagi nganakake program diskon iku, sapa ngerti entuk sing Rp 0,-. Wektu iku loket durung bukak, nanging ora adoh saka kono ana sawetara uwong sing nawakne karcis Citilink.
"Jakarta limangatus seket Pak, mangkate jam nem esuk".
Jarene nol Rupiah, kok didol limangatus seket ewu, tak pikir ing loket resmi mesthi luwih murah. Ndilalah ing cedhake kono ana roll-up banner "PARA CALO DILARANG BERHUBUNGAN DENGAN CALON PENUMPANG" Weh tambah isin aku... kepingin "MENERAPKAN GOOD CORPORATE GOVERNANCE", dadi wong sing sadar hukum lan miwiti berbudaya tinggi, aku mung mesem, terus mlengos jumangkah tumuju konter sing durung bukak mau ngantri.
Ndilalah ora nganti limang menitan wis ana "tanda-tanda kehidupan" konter bukak mak byak. Kangmasku sing antri urutan pertama menyang jurusan mBalikpapan wis entuk sing mabur jam pitu esuk mengko.
"Kalo Jakarta berapa mBak" aku sing ing mburine takon menyang petugase.
"Satu juta sepuluh ribu"
"Ya ampyun... ya wis mBak matursuwun"
Pikiran pragmatisku main... kesadaran-hukumku, rasa isinku lan idealismeku jebul durung kuat.. mbelgedes... bocah cilik wae ngerti tuku tiket menyang sing "adol jasa" mau jelas luwih untung. Lha wong alasan nolak tawaran penjual jasa mau sakjane ya mung merga duwe ekpektasi nek tuku ing konter resmi luwih murah tinimbang menyang njaba. Pikiran jahat melu-melu nrambul, "Wis ben wae lah wong pada golek pangane lan bagi-bagi rejeki, wong deweke golek tiket murah iku ya nganggo effort kok anggep wae deweke profesional". Lha rak tenan, mulai golek-golek "alasan pembenaran" sampeyan kuwi...
Akire aku nemoni "profesional" sing nawakne mau, kaya sing wis tak kira.. kaya harga saham regane setiap detik tiap sessi berubah.
"Saiki nematus ewu Pak, sampeyan ngerti dewe ta nang loket mau pira?"
Sakjane ya isik kepingin protes.. tapi jelas lan logis... mbayar nematus ewu luwih untung ketimbang mbayar sakjuta sepuluh ewu wong montor mabure lan kelase ya padha wae....
Terjadilah... aku "menjebakkan diri" nindakne "transaksi tidak wajar" sing "berhasil dilakukan pada waktu itu" di depan konter Citilink ing Bandara Internasional Juanda Surabaya.

KTP gambar Garuda tak wenehne. Kaya sing wis dijanjekne... ora perlu mbayar dhisik, mengko wae yen karcise wis ana... tak etung ana wong lima sing dadi klien penjual jasa mau. Deweke ngusulne tiket gabungan wae.
Cacak sing nggantheng rapi lan nganggo hands-free ing kupinge, nampani KTP-ku lan identitase klien liyane, terus umak-umik ndikte embuh karo sapa lan menyang endi, aku ora ngerti.
Ujug-ujug ana petugas penertiban (ndelok saka seragame) lewat kono..
"Wah bakal batal transaksi sing mencurigakan iku", batinku kuwatir.
"Husy.. syah... lunga kana aja ngganggu penumpang ae..", kandhane kaya nyentak tapi gayane cengengesan karo terus nglungani gak noleh meneh.
Gak nganti lima utawa sepuluh menit, tiket wis dadi... aku gak ngerti embuh ing endi olehe "data entry" lan "print".
"Regane pitungatus ewu Pak"
"Lho jarene mau nematus ewu, kok cepete mundhak yok opo sih?"
"Tiap detik beda Pak.. soale sistem online, iki sakjane jatah agen kok. Nek sampeyan gak gelem yok apa nek dibatalno ae", kandane rada ngati-ati mungkin mulai curiga ngira aku wartawan (blogger.. ha,ha,ha...) utawa intel pulisi... haiyah GR banget lu..

Sakjane aku ya isik kepingin ngerti, "nek online endi komputere.. wong ya gak ketok laptop utawa PDA ing cedhak kono?". Tapi rumangsake kok "kaya kurang gaweyan" apameneh butuh, kesusu lan penumpang liyane ya setuju.. ya wis lah "no choice". Mlayu menyang ATM sing cedhak kono, duwik abang gambar proklamator pitung lembar pindah tangan ditukar tiket siji kanggo wong telu.
Langsung check-in lan mlebu ruang tunggu. Miturut sing tak jak ngobrol ing ruang tunggu, sing ngakune ngerti selukbeluk cyber-crime, moduse "profesional penjual jasa" iku wis booking karcis lewat internet, golek the best reasonable price, terus didol luwih miring tinimbang rega ing loket (tapi dekne wis untung gede) karo penumpang sing butuh lan kepingin entuk tiket luwih miring tapi gak booking sakdurunge kaya aku iki.
Tak delok ing print-out e-tiket, dicetak nganggo printer dot matrix lan karbone wis mulai luntur, nama calon penumpang, tujuan, lsp tercetak.. tapi rega tiket kok gak tercantum? Apa iki standar tiket Citilink apa piye, aku gak ngerti. Tapi meneh... untunge iki bayar pribadi sing gak butuh di-reimburse kantor ya gak apa-apa.
Aku gak bisa ngarani iku legal apa ora, saumpamane iki ilegal, wong njero Citilink "terlibat" apa ora aku gak peduli, merga aku gak berhak nuduh apamaneh nyelidiki....

Masiyo gak entuk apa-apa lan bagasi luwihan mbayar dhewe, tapi adhem ayem bisa katut mabur ing njerone manuk wesi tipe Boeing 737-300 nganggo tiket luwih murah tinimbang konter lan dilayani karo awak kabin sing "kepenak disawang" (masiyo judes lan gak ana ramahe blas) ketimbang umume awak kabine emboke (Garuda) sing biasane kalebu golongane sing "jam terbangipun sampun sak buaaajegg"... ha, ha, ha....
26.2.08
Sekolah kanggo bocah "ndhugal"
Tinimbang ndelok sinetron perselingkuhan, gossip artis utawa variety show sing mboseni, akhire pindah kanal alternatip. Disamping bisa kanggo ya-megaya, ethok-ethok nglatih kuping krungu basa keju (masiyo mangane ya "uwi mbolo"), jebul akeh piwulang sing bisa dijupuk saka tontonan iku (Nek istilahe bung Harmoko "tontonan yang bisa dijadikan tuntunan") .Ndilalah nyangkut nang kanal Discovery, kepilut giyaran "Gateway Asia: Brat Academy"... Nek jare aku academy kuwi kok memper IPDN, nanging ing Negara Cina lan gak ana kekejaman senior menyang yunior (miturut penelusuran saka primbon mBah Kyai Google jare filem sejam iku karyane produser lokal Cina, maksude dudu wong bule).
Prologe tayangan mau Negara Cina sing ekonomine maju pesat, nanging kaya umume bangsa sing nembe berkembang, ngadepi masalah sosial sing serius khususe ing kalangan generasi muda Tansaya akeh remaja sing "bermasalah" kaya seneng mabuk, madhat narkoba, ugal-ugalan, meteng di luar ningkah, seks bebas, lan kenakalan liyane.
Ngadepi masalah cah ndugal utawa nek wong Jawa Timur ngarani "arek mbethik" ngono iku sawatara kalangan pendidik nawarake solusi arupa sekolah khusus sing dirancang kaya kamp militer. Teorine nglatih bocah suwene setahunan kanthi disiplin lan kegiatan militer dianggep dadi cara sing manjur kanggo ngajari bocah sing wiwitane "luput suwuk" utawa "kaya gombal lap kompor lenga patra maksude dikumbah ora teles diobong ora murub" bisa duwe rasa disiplin lan gelem tanggung jawab. Sing luwih penting ing tembe mburine dadi uwong dewasa sing berguna kanggo keluarga, lingkungan, masyarakat, bangsa dan negara, lsp.
Jebule sekolah iku ora murah (biayane 35.000 Yuan utawa kira-kira Rp 35 juta-an kanggo setahun), mula sing bisa nglebokne anake ing sekolah iku ya mung keluraga kelas menengah ke atas.
Salah sijine sekolah cah ndugal sing paling ngetop dipimpin dening tokoh kharismatik jenenge pak Xu Xiangyang. Gaya rambute cepak klimis, nek nganggo kacamatane bunder model John Lennon ketok wibawane minangka Kepala Sekolah.
Kurikulume beda karo sekolah biasa, ora ana ruang kelas sinaune ing ndalan. Murid-murid mau dijak konvoi numpak truk militer pindah-pindah tempat, ndelok tempat-tempat bersejarah utawa tempat liyane. Intine bocah-bocah iku dadi adoh saka omah lan pisah karo wong tuwane. Ora mung numpak truk karo mlaku-mlaku thok, tapi kudu mandiri, misale bubar mangan kudu ngisahi piring dewe, ngumbah klambi dewe, nyetrika dewe mberesi tempat tidur dewe. Lucu banget nalika ana sing diajari nglempit klambi wae ora bisa, ketok nek bocah mau ing ngomah ora nate nandangi gaweyan sepele-sepele kaya mau… kan isih bisa kongkonan si Inem... he,he,he...
Mangan lan turune ya ing truk iku. Sing abot ana ritual napak tilas sejarah Cina, yaiku “long march”, saben dina minimal mlaku patangpuluh kilo, sampek sekolahe pak Xu mau dijuluki “Sekolah Mlaku”. Mlaku iku kaya pemanasan merga ana aktivitas liyane kaya outbond utawa kepramukaan yaiku nindakne tugas-tugas sing wis disiapne instruktur…. Jare instrukture, mlaku lan urip bareng kancane mau kanggo ngajari supaya bocah-bocah duwe kesadaran nek arep nggayuh apa wae kudu nganggo usaha lan butuh bantuane wong liya.. gampange ngikis sifat kesèt (malas) lan egois...
Ing tayangan iku ana ilustrasi cewek ABG (14 tahunan) sing mbangkang nekat metu saka sekolah. Disidang karo wong tuwane lan instrukture. Ketok ibune tipe cerewet lan kurang sabaran ngadhepi anake (typical ibu-ibu kali yaaa). Suara hati ABG mau ketoke gak beda karo bocah sak umurane deweke ing sakiwe tengene awak dewe (bisa wae ponakan, tangga utawa malah anak dewe).
Contone:
“Aku kepingin dadi awakku dewe, aku sing tanggung jawab lan milih besuk arep dadi apa”. “Saumpamane aku manut karo ibu, apa ibu njamin nek uripku mbesuk bakal kepenak".
"Apa gunane sekolah, wong ana sing gak sekolah tapi uripe ya kepenak”.
“Wis... aja ngurusi aku, aku iso ngurus awakku dewe” ngono kira-kira (merga omonge basa Cina, bisaku mung maca tulisan.. he,he,he).
Pancen mirip karo dongeng legenda Cino “Na-cha”, bocah pembangkang sing akhire malah dadi penolong wong tuwane, ing tayangan iku akhire si ABG ya gelem sekolah meneh lan sadar menawa sekolah iku penting kanggo masa depane... ketok nganggo seragam militer noleh menyang kamera karo mesem.
“Aku pasrah bongkokan pokoke anakku sampeyan dadekne bocah sing bisa njaga namane wong tuwa” ature si Ibu nalika masrahne anake.
“Tak estokne Bu, anak sampeyan bakal tak jaga lan tak dadekne bocah sing utama” ature pak Xu Xiangyang tegas. tancep kayon.
Tayangan rampung.... nanging isik ana pitakonan sing nggandhul ing pikiranku “Gampang ngapura marang kesalahane bocah, "nguja" utawa nuruti apa wae karepe bocah, malah bisa njlomprongne, merga marahi bocah mung njagakne karo wong tuwane (gak mandiri), ora duwe disiplin, gak duwe rasa tanggung jawab, akhire malah dadi "biang masalah" ing sadhengah papan.
Nanging ngajari disiplin iku apa kudu kaya militer ngono kuwi? Tak kira latihan disiplin pancen penting, nanging perlu diimbangi karo menehi pengertian lan kesadaran. Ngajari supaya bocah nindakne tumindak becik lan ninggalne panggawe ala perlu dibarengi pangerten geneya deweke kudu nindakne iki lan nyangapa deweke gak entuk nindakne iku, kanthi reason sing bisa tinemu nalare bocah. Teori sih gampang.... praktek.... hhuuuangel tenan.
Xu Xiangyang quote:
- "Instead of being restricted by the boundaries of a small town, this approach will broaden their minds".
8.9.07
Sabar lan legowo...
Sabar iku legowo nampa apa anane miturut porsi utawa usahane dewe-dewe, lan lahir saka jiwa sing tumaninah. Merga sabar iku salah sawijining wujud rasa syukur, mula Gusti Alloh ngasihi marang kang sabar. Saumpamane sampeyan mung dadi tukang mbecak ya kudu sabar lan legowo, aja nuntut supaya penghasilane padha karo pak Direktur, sampeyan nembe entuk nuntut nek pancen wis dadi Direktur temenan.
Kesusu iku kumudu-mudu entuk, "nggege mangsa" liwat dalan pintas sing ora sak benere, wis ngrasakne sakdurunge tekan wayahe utawa gilirane, utawa ngehake duweke wong liya sing durung dadi porsine. Nah, kesusu, kemudu lan meri karo weke wong liya iku asal-usule dosa.... mulai maling, ngenthit, ngutil, nyopet, korupsi, ngrampok, nyrobot, lan tidak culika liyane iku asale rak merga gak sabar.
Ing masyarakat sing tatanane isik "amburadul" yaiku sing isik menehi ruang gerak marang tukang srobot lan rayahan, wong sing sabar bakal gak kumanan, gak aneh jiwa sabar mati lan dadi barang langka. Sebalike nang masyarakat tumata becik lan mateng sing bisa mbatesi ruang gerak tukang selak, lan ana jaminan, sing sabar ora melu rebutan lan rayahan bakal tetep entuk bageyan... jiwa sabar bakal subur lan ngrembaka....
Sabar iku nrima sesuai porsine, nanging dudu berarti nyerah utawa ngaku kalah, nanging tetep tangguh ngadhepi sadhengah alangan nalika nembe berjuang. Contone... ana sing durung entuk gaweyan, sabar iku ora kok berarti mung meneng thok tanpa usaha, nek dicelathu jawabe "sing penting rak wis sabar ta Pak, wong sabar kan luhur wekasane".
No way, mung njagakne ana rejeko saka langit iku dudu sabar, tapi justru kurang ajar karo Gusti Aloh, iku kasarane nantang "nek pancen panjenengan pancen kuwaos cobi panjenengan rubah kula sing penggangguran niki... tanpa usaha sesuk emben langsung dadi konglomerat... iso mboten njenengan??".Naudzubillahi min dzalik....
Wis berusaha bolak-balik nanging tetep durung berhasil.. ya sing sabar, maksude gak terus nglokro tapi bangkit usaha meneh.... nek wis mlaku thimik-thimik terus kesandhung nganti tiba krungkeb, langsung tangi njenggelek meneh, terus tumindak alon-alon... nek wis terbukti nganggo satu cara gagal, ya kudu dicoba cara liyane, nang usaha bolak-balik nang satu bidang gagal terus ya usaha nang bidang liyane. Pokoke aja nganti nyerah, lempar anduk.... Nah iku sabar sejati.. sebab sabar iku dudu mung esuk-esuk thenguk-thenguk nang cakruk ngarep-arep bisa nemu gethuk sak pincuk...
wallahu a'lam

29.11.06
Tulisan Jawa
Ana satus jutaan wong sing nggunakne Bahasa Jawa, sumebar wiwit Jawa (Tengah, Timur, DKI Jakarta, Jawa Barat, DI Jogja), Lampung, Medan Deli, Suriname, Afrika Selatan, dll. Luwih akeh sing nggunakne Bahasa Jawa ketimbang sing nggunakne Bahasa Itali. Nanging, basa Jawa mung kari basa lesan, buku, koran utawa majalah bahasa Jawa mung kari Jayabaya karo Penyebar Semangat, ana sing anyar Damarjati (Jakarta) sing uripe enggrik-enggriken, ana uga suplemen (lembar sisipan seminggu sekali) ing koran Kedaulatan Rakyat Jogja karo Suara Merdeka Semarang. Wis arang ana penerbit sing nekat nerbitne buku fiksi apameneh ilmiah ing Basa Jawa, sebab mesthi gak payune. Pengarang Jawa dewe wis ora kersa nulis ing basa Jawa meneh, blog khusus basa Jawa ya termasuk barang langka.
Pancen nulis basa Jawa kuwi repot, wong utawa bocah sing ora biasa ngomong bahasa Jawa bakal kangelan maca tulisan basa Jawa. Hurup "vokal"-e wae ana enem: a, ao, i, u, é (sate), o, ê (pêlêm matêng) lan è (bèbèk èlèk). Huruf "d" ana sing d (dada) karo d (kandel) huruf t ana t (ketan) karo t (kethak). Jaman mesin cetak letter press, sawetara huruf dibedakne nganggo diwehi titik ngisore. Merga mesin ketik angel gawe titik ngisor, ing pembakuan anyar ditambah "h" dadi "th" lan "dh.
Saiki jaman komputer sing ana kode ASCII, kudune huruf-huruf khusus apawae bisa diganti, tapi nyatane durung ana upaya pembakuan maneh sing luwih tepat nganti saiki.
Penulisan vokal "a" (balak) karo "a" (bala bantuan) isih rancu, kota "Solo"ana sing nulis Sala tapi ana sing nulis Solo, mula ana sing ngarani kota "Solo" (diwaca kaya "sop") tapi ana sing ngarani "Sala" diwaca kaya huruf o ing tembung "bolong").
Merga tulisan Jawa baku isih kurang aplikakatif, mula sing dudu wong Jawalan biasa ngomong Jawa, menawa maca tulisan bahasa Jawa bakal marahi ngguyu. "Coro loro lara" (bahasa Indonesiane kecoak dua sakit tapi bisa dua cara sakit). "Bojo lara" (isteri sakit) karo "bojo loro" (isteri dua) bisa jumbuk senajan artine beda banget. Mula kudune para ahli Basa Jawa perlu golek pengganti "a" sing pas lan secara teknis gampang. Biyen nate dicoba kondisi default a dianggep "ao" nek "a" kaya bahasa Indonesia digaris ngisore.
Tata cara penulisan bahasa Jawa baku sing saiki nurut aku kurang sreg, soale rancu utawa gak konsisten. Contone tambahan "h" kanggo ngganti titik ngisor ing "d", soale marahi bingung. Ing teks bahasa Indonesia, "dada".dibaca "dada", tapi nek iku Bahasa Jawa, supaya unine pada karo sing bahasa Indonesia kudu ditulis "dhadha"? Lho piye taaa.. mosok unine padha tulisane beda?
Nek aku entuk usul, "dada" ing tulisan Jawa tetep ditulis "dada". Nembe bahasa Indoesiane "berani" diterjemahne bahasa Jawa "kendhel". Nanging "pisau tumpul" basa Jawane ditulis "peso kethul", soale nek ditulis "pangot ketul" berarti "obat batuk" (obat watuk) diwaca "obat bathuk" (obat jidat).
Ideale bahasa jawa bisa dilambangne karo tulisan sing persis ya nganggo aksara Jawa alias Carakan. Pancen iki jare dudu asli, tapi impor dengan agen tunggal pemegang merek eyang Ajisaka. Wis arang-arang wong ngerti carakan. Sisa Carakan kari sithik ing jeneng jalan lan tempat ing Solo utawa Jogja utawa nggo walikan gaya Jogja. Hare gene sapa sing isik gelem sinau carakan? Wong aku produk tahun seket akhir awal tahun sewidakan wis nunak-nunuk nek kon maca aksara carakan.. hanacaraka datasawala padajayanya magabathanga apa honocoroko dotosowolo podhojoyonyo mogobothongo...
Pancen isih ana upaya nglebokne carakan iki nang UNICODE, nanging apa iya nek wis kasil mlebu terus dijamin carakan bakal berkembang soale bakal bisa nulis Jawa nganggo kibor, apa banjur ana Windows versi Honocoroko utawa ngirim SMS nganggo tulisan Jawa?
Carakan gak bisa dipadakne huruf kanji, Mandarin utawa Arab sing isih dienggo lan berkembang nganti saiki. Saiki isik akeh buku nganti brosur penggunaan alat utawa bahan nganggo huruf Kanji, Cina, utawa Arab. tapi endi ana buku utawa brosur utawa poster peringatan terbitan anyar sing ditulis nganggo aksara Jawa???.
Pancen nulis basa Jawa kuwi repot, wong utawa bocah sing ora biasa ngomong bahasa Jawa bakal kangelan maca tulisan basa Jawa. Hurup "vokal"-e wae ana enem: a, ao, i, u, é (sate), o, ê (pêlêm matêng) lan è (bèbèk èlèk). Huruf "d" ana sing d (dada) karo d (kandel) huruf t ana t (ketan) karo t (kethak). Jaman mesin cetak letter press, sawetara huruf dibedakne nganggo diwehi titik ngisore. Merga mesin ketik angel gawe titik ngisor, ing pembakuan anyar ditambah "h" dadi "th" lan "dh.Saiki jaman komputer sing ana kode ASCII, kudune huruf-huruf khusus apawae bisa diganti, tapi nyatane durung ana upaya pembakuan maneh sing luwih tepat nganti saiki.
Penulisan vokal "a" (balak) karo "a" (bala bantuan) isih rancu, kota "Solo"ana sing nulis Sala tapi ana sing nulis Solo, mula ana sing ngarani kota "Solo" (diwaca kaya "sop") tapi ana sing ngarani "Sala" diwaca kaya huruf o ing tembung "bolong").
Merga tulisan Jawa baku isih kurang aplikakatif, mula sing dudu wong Jawalan biasa ngomong Jawa, menawa maca tulisan bahasa Jawa bakal marahi ngguyu. "Coro loro lara" (bahasa Indonesiane kecoak dua sakit tapi bisa dua cara sakit). "Bojo lara" (isteri sakit) karo "bojo loro" (isteri dua) bisa jumbuk senajan artine beda banget. Mula kudune para ahli Basa Jawa perlu golek pengganti "a" sing pas lan secara teknis gampang. Biyen nate dicoba kondisi default a dianggep "ao" nek "a" kaya bahasa Indonesia digaris ngisore.
Tata cara penulisan bahasa Jawa baku sing saiki nurut aku kurang sreg, soale rancu utawa gak konsisten. Contone tambahan "h" kanggo ngganti titik ngisor ing "d", soale marahi bingung. Ing teks bahasa Indonesia, "dada".dibaca "dada", tapi nek iku Bahasa Jawa, supaya unine pada karo sing bahasa Indonesia kudu ditulis "dhadha"? Lho piye taaa.. mosok unine padha tulisane beda?
Nek aku entuk usul, "dada" ing tulisan Jawa tetep ditulis "dada". Nembe bahasa Indoesiane "berani" diterjemahne bahasa Jawa "kendhel". Nanging "pisau tumpul" basa Jawane ditulis "peso kethul", soale nek ditulis "pangot ketul" berarti "obat batuk" (obat watuk) diwaca "obat bathuk" (obat jidat).
Ideale bahasa jawa bisa dilambangne karo tulisan sing persis ya nganggo aksara Jawa alias Carakan. Pancen iki jare dudu asli, tapi impor dengan agen tunggal pemegang merek eyang Ajisaka. Wis arang-arang wong ngerti carakan. Sisa Carakan kari sithik ing jeneng jalan lan tempat ing Solo utawa Jogja utawa nggo walikan gaya Jogja. Hare gene sapa sing isik gelem sinau carakan? Wong aku produk tahun seket akhir awal tahun sewidakan wis nunak-nunuk nek kon maca aksara carakan.. hanacaraka datasawala padajayanya magabathanga apa honocoroko dotosowolo podhojoyonyo mogobothongo...
Pancen isih ana upaya nglebokne carakan iki nang UNICODE, nanging apa iya nek wis kasil mlebu terus dijamin carakan bakal berkembang soale bakal bisa nulis Jawa nganggo kibor, apa banjur ana Windows versi Honocoroko utawa ngirim SMS nganggo tulisan Jawa?
Carakan gak bisa dipadakne huruf kanji, Mandarin utawa Arab sing isih dienggo lan berkembang nganti saiki. Saiki isik akeh buku nganti brosur penggunaan alat utawa bahan nganggo huruf Kanji, Cina, utawa Arab. tapi endi ana buku utawa brosur utawa poster peringatan terbitan anyar sing ditulis nganggo aksara Jawa???.
Subscribe to:
Posts (Atom)