8.3.09

mBambungan saka daerah kumuh dadi milyader

Ngrubah nasib pancen gak gampang, wong nek wis kedhapuk "balung gembel", njelalahe angger ketemu wong ya gak nate nggenah, sing ketoke “nulung" jebule malah "menthung", sing ketoke setia bisa mbalik dadi khianat, ana sing apikan tapi gak bisa nulungi apa-apa. Wong nek wis kadhung entuk cap "mblakrak" masiyo entuk "kanugrahan saka Gusti Alloh" ya isik tetep dicurigai ae... diarani nganggo pesugihan kek, akal-akalan kek, ngae cara gak bener kek... wis pokoke ana ae. Nek dicurigai thok sih isik mendingan… tapi nek ditangkep pulisi terus disiksa entek-entekan nganti sekarat apa gak cilaka mencit... Iku intine pilem"Slumdog Millionaire" sing crita pengalamane Jamal K. Malik, pegawai magang ing call center sing bisa lungguh ing kursi panas kuis sing hadiahe spektakuler yaiku "Who Wants To Be A Millionaire” (nang India jenenge “Kaun Banega Crorepati”). Filem iki mborong 8 piala Oscar 2009, yaiku best cinematografi, best editing, best music & song (A.R. Rahman), best picture lan best writing. Iki pilem murmer, merga sebagian besar bintange njupuk cah biasa saka Mumbai sing dudu artis.

Filem digawe saka novel karangane oom Vikas Swarup, sing nulis skenario Simon Beaufoy, sing mbesut sutradara Inggris (Danny Boyle), bumbu Bolywood saka co-Director Loveleen Tandaan plus aroma Holywood. Alur ceritane sih biasa ae, lurus mirip pilem Boolywood umume yaitu perjalanan hidup somebody mulai cilik, remaja, nganti dewasa (pemain ganti ping telu sesuai umur), cuma cara bertutur via flashback. Iki filem menjual kemiskinan, sepanjang film diisi visualisasi daerah kumuh lan kehidupan jalanan keras ing Mumbai India kana. Tak kira bahan baku sing kaya kisah pilem iki nang kiwa tengen dewe (Indonesia iki) huakeh sak buajeg, gak adoh alur cerita sinetron prime time nang TV lokal Indonesia umume ta, cuma durung ana sing bisa “mengemas” kaya pilem iki....

Balik nang kisahe Jamal Malik sing rekasa tapi njelalah “untung” terus. Contone nalika kampunge dirawuhi Amitabh Bachchan (nang filem diperankan as himself) bintang top Bolywood, deweke dicurangi kancane dikunci neng njero WC umum, akhire nekat mbrobos carane nyemplung kubangan "tokai"... kancane sing curang malah gak berhasil nyedhaki seleb merga bodiguarde rapet, tapi Jamal merga gluprut lan huambune gak nguwati iku... malah berhasil nembus barikade.. lan entuk tanda tangane Amitabh Bachchan (masiyo nandatangani karo mithes irung), apese benda kesayangan mau didol kancane... dasar cilaoko terus!...
Nasib apik pancen isik adoh saka Jamal, lahir saka keluarga sing kurang ditampa masyarakat.. (maaf aku gak bermaksud SARA, nang endi-endi minoritas secara posisi kurang menguntungkan....). Isik cilik ibune mati tragis ing kerusuhan reasialis. Diopeni karo Maman sing awale ketok mulya lan nulung, tapi gak luwih teka korak sing meres anak jalanan kanggo golek duwik. Nalika dadi anak asuh untunge (meneh) Jamal gak bisa nyanyi Darshan Do Ghanshyam, kancane (Arvind) sing nyanyine apik, malah matane dicukil nganggo sendok (astaghfirullah) kao juragane supaya picek lan gampang entuk duwik nek ngemis… Gak krasan nang bos sing kejem sewiyah-wiyah ngono iku... Jamal nekat mlayu bareng kakange (Salim)... tapi kepeksa ninggal “cinta monyet” si manis Latika.
Urip buron, tapi tetep kepingin ketemu cinta pertamane (ceile... iki salah sijine resep kuno kanggo mancing emongsi pentonton...). Nalika akhire bisa ketemu... jebul nasibe si doi ya melas merga "dipeksa" dadi "senuk" lan ganti nama yayang “Chery”. Wis ngono kakange si Salim sing sakdurunge dianggep pelindung, jebule gak sabar karo goda kepingin cepet duwe duwit akeh lan iso nguasani Latika juga, mula deweke khianat karo adhine dewe. Salim meksa Jamal karo Latika kon gabung dadi gedibale, Jamal nolak mentah-mentah malah berubah dadi dendam karo kakange sing ngrebut lan nggodol Latika. "I Will never forgive You"... ngono ujare Jamal menyang kakange si Salim.
Sakwise pisah karo Salim lan Latika, Nasib nemokne Jamal ing call center. Ya merga dadi pentil (penjaga tilpun maksude) pengganti gak dinyana dadi jalaran dekne entuk kesempatan emas bisa lungguh "nang kursi panas" kuis bergengsi. Nang studio RCTI... eh IBN dhing, kabeh pertanyaane Tantowi Yahya… eh Anil Kapoor, eh Prem Kumar.. bisa dijawab langsung, soale (suwer sinteron banget)... kabeh pertanyaan ana hubungane karo kisah kehidupane nalika mbambung, kaya lagu Darshan Do Ghanshyam, gambar presiden Amrik sing nang duwik 100 dollar US, nama Musketeer ketiga, dll.
Angger ditakoni presenter, jawabane kaya terlintas ngono ae mula terus dilontar kanthi polos, langsung to the point, ingatase dekne gak duwe pendidikan formal lan dudu kutu buku. Jamal dewe bisa dadi soal kuis, Jamal bisa njawab merga (a) curang misale kerjasama karo sing nggawe soal, (b) lagi untung ae (c) pancen jenius (d) takdir. Nak jawaban sing gak ana basa-basine iku gak disenengi Prem Kumar, si Tantowi Yahya-ne India. Pembawa acara kan males nek acarane garing gak menarik... nek bisa sing lungguh nang kursi panas kudu muter-muter lan ketok bingung dhisik, nggunakne kabeh bantuan (ask the audience, fifty-fifty, phone a friend), keok kepepet... nembe njawab ragu-ragu... tapi bener…. lak ngono. Mula deweke ngatur penangkapan lan penahanan si Jamal dening Polres Mumbai... Sing sering nonton pilem India bisa mbayangne pulisi India iku kaya apa... he,he,he....

Kepiye akhire… apa Jamal bisa nerusne melok kuis meneh, apa kalah merga hadiahe hangus (gak mandeg ing titik aman), apa bisa ketemu Latika cinta pertamane, nalika ketemu Latika apa isik seger apa wis sekarat? Tapi sing wiwitane durung dipahami karo si Jamal... terbukti kemudian sak kejem-kejeme Salim, sakjane ya tetep isik duwe sisi manusiawi , isik eling karo Gusti Allahe (sekilas adegan sujud karo maca istighfar) lan tetep sayang lan gelem korban kanggo kebahagiaan adhine si Jamal. Piye nasibe Salim? Wis bisa ditebak... tapi ben gak penasaran mangga nonton dewe pileme … he,he,he…

No comments: