16.9.04

Bantal Kayu Randu

Randu (Ceiba pentandra).
Witing randu, ing tengah ketiga wiwit ngembang lan rontok godonge,
Mbediding kembang randu, enake wong turu mancal kemul ing esuk nalika lengo klentik podo njendel beku.
Empuk kayune randu, sinigar ginawe cathok kanggo belok sikile wong edan supaya ora ora ngisin-isini. Mung merga pakurmatan kudu ngrampas kamardikan.
Kapuk randu kanggo isi bantal empuk mentul, kayu randu bantale sing podo laku sufi.
Supaya tengah wengi bisa gumregah tangi, manembah lan maneges kersaning Gusti.
Bantal kayu randu ing amben galar iku,
linambaran kloso mendong bolong-bolong.
Pancen bantal kayu randu iku isih gumletak wungkul.
Warna abu lan gandaning kringet tuwo isih bisa dirasa.
Nanging wis ora keprungu meneh, ing bengi galar kumreket amarga awak tuwa sing lagi mulet. Randu pikiranku tumuju ing jaman kawuri...

No comments: