8.9.07

Sabar lan legowo...

Sabar iku legowo nampa apa anane miturut porsi utawa usahane dewe-dewe, lan lahir saka jiwa sing tumaninah. Merga sabar iku salah sawijining wujud rasa syukur, mula Gusti Alloh ngasihi marang kang sabar. Saumpamane sampeyan mung dadi tukang mbecak ya kudu sabar lan legowo, aja nuntut supaya penghasilane padha karo pak Direktur, sampeyan nembe entuk nuntut nek pancen wis dadi Direktur temenan.

Kesusu iku kumudu-mudu entuk, "nggege mangsa" liwat dalan pintas sing ora sak benere, wis ngrasakne sakdurunge tekan wayahe utawa gilirane, utawa ngehake duweke wong liya sing durung dadi porsine. Nah, kesusu, kemudu lan meri karo weke wong liya iku asal-usule dosa.... mulai maling, ngenthit, ngutil, nyopet, korupsi, ngrampok, nyrobot, lan tidak culika liyane iku asale rak merga gak sabar.

Ing masyarakat sing tatanane isik "amburadul" yaiku sing isik menehi ruang gerak marang tukang srobot lan rayahan, wong sing sabar bakal gak kumanan, gak aneh jiwa sabar mati lan dadi barang langka. Sebalike nang masyarakat tumata becik lan mateng sing bisa mbatesi ruang gerak tukang selak, lan ana jaminan, sing sabar ora melu rebutan lan rayahan bakal tetep entuk bageyan... jiwa sabar bakal subur lan ngrembaka....

Sabar iku nrima sesuai porsine, nanging dudu berarti nyerah utawa ngaku kalah, nanging tetep tangguh ngadhepi sadhengah alangan nalika nembe berjuang. Contone... ana sing durung entuk gaweyan, sabar iku ora kok berarti mung meneng thok tanpa usaha, nek dicelathu jawabe "sing penting rak wis sabar ta Pak, wong sabar kan luhur wekasane".
No way, mung njagakne ana rejeko saka langit iku dudu sabar, tapi justru kurang ajar karo Gusti Aloh, iku kasarane nantang "nek pancen panjenengan pancen kuwaos cobi panjenengan rubah kula sing penggangguran niki... tanpa usaha sesuk emben langsung dadi konglomerat... iso mboten njenengan??".Naudzubillahi min dzalik....
Wis berusaha bolak-balik nanging tetep durung berhasil.. ya sing sabar, maksude gak terus nglokro tapi bangkit usaha meneh.... nek wis mlaku thimik-thimik terus kesandhung nganti tiba krungkeb, langsung tangi njenggelek meneh, terus tumindak alon-alon... nek wis terbukti nganggo satu cara gagal, ya kudu dicoba cara liyane, nang usaha bolak-balik nang satu bidang gagal terus ya usaha nang bidang liyane. Pokoke aja nganti nyerah, lempar anduk.... Nah iku sabar sejati.. sebab sabar iku dudu mung esuk-esuk thenguk-thenguk nang cakruk ngarep-arep bisa nemu gethuk sak pincuk...
wallahu a'lam

2 komentar:

aly_skd said...

Mas, seng duwe blog iki jeneng asline sopo? mbok menowo aq kenal, soale aq juga wong sambilawang trangkil Pati?

Nak iki sambilawang endi?

Anonymous said...

dudu mas... sambilawang daerah liyane (madiun jawa timur)