26.11.06

Di elap pindho....

Lambang kumpeni duweke keluarga mbah Bakrie arupa goresan kuas utawa tipak lap-lapan ping pindo.. sret-sret, nang nduwure gambar rasi "lintang luku" muncrat. Ndilalah, Lapindo Brantas Inc. iku salah sijine sing "terlibat" karo bencana lumpur muncrat ing Porong Sidoarjo. Kilas balik sithik... nalika negara iki kena krisis ing tahun 1998, keluargane mbah Bakrie ngaplo, kabeh bandha donyane dikuwasani wong liya. Nanging nalika akhire keluarga mBah Bakrie bibrik-bibrik usaha meneh lan akhire bisa tangi jenggelek meneh lumantar tambang batubara, lengo lan gas.
Nanging... paribasane idu (wong nginang) durung abang, ujug-ujug mak jegagik bali meneh, "kesandhung" blethok endhut ing tlatah Porong Sidoarjo, kaya mBah Buto Ijo sing lagi nguber Timun Emas kudu mandeg merga kepapak blethok endut malihane trasi Sidoarjo. Aku gak wani ndhisiki kersane Gusti, nek iku pertandane nek keluargane bakal kena "lap ping pindo " utawa malah nuwun sewu.... "kolaps ping pindo?". Soale arep kepiye wae, keluarga mau bakal gampang lepas saka "blethok endhut Lapindo" ketimbang warga Siring, Renokenongo, Jatirejo, Mindi, lan tlatah sakiwatengene kang mung bisa pasrah karo Gusti Allah.
Kocap kacarita nalika awal bencana iku ana Abah Anas.. kyai limpat saka desa Jatirejo, "mokong" ora kersa ngungsi nalika pondoke wiwit kedayohan endhut blethok. Nalika dibujuk karo utusane priyagung binathara wae deweke nolak "ola apa koen ketemu aku, luwih apik tataen ae atimu". Dhawuh sing multi tafsir, bisa wae saka rasa emosional mBah Kyai nanging bisa uga saka kawskitaning beliau.

Sakwise golek sisik melik lan dadi seksi kahanan ing tlatah kono, melu sadhar menawa kita kudu nata awak, nata ati lan nata rasa. Nembe wae, aku numpak sepur Lumpur ninggalake stasiun Porong nuju Surabaya, wis nampa SMS menawa ada pipa gas Pertamina sing njebluk ing lokasi endhut. Duh... bencana kok lumintu susul-sumusul ora ana pedhote? Nanging alhamdulillah... aku ora dadi titah sing kepilih terlibat utawa dadi seksi njebluke pipa mau. Kabeh wis diatur Gusti. Titah mung entuk tugas supaya tata-tata, nata ati supaya ora serakah anggone eksploitasi alam, nata atine dhewe supaya luwih empati marang sengsaraning sesami, nata sikap supaya tansah duwe panyangka apik marang Gusti kang Ngatur Lelakon, nata awak supaya luwih siap ngadhepi sakabehing bencana.
Gusti Allah ya wis ngatur kapan bencana lumpur endhut iki lunga, bisa wae sesuk esuk wis sirna nanging bisa wae tambah tansaya ndadra. Ora ana sing ngerti, apa warga Porong bakal menderita sawatara dina meneh, sawatara minggu, sawatara wulan, setahun, sepuluh, atusan tahun, nganti dina kiamat.
Sebagian desa Jatirejo, Siring, dan sebagian Renokenongo wis ambles ing blethok endhut, desa Mindi, Pejarakan lan desa sekitar liyane mung kari nunggu wektu nyusul merga ndledeke endhut panas durung surut malah kepara tambah gedhe. Omah, sekolah, pabrik, bangunan pemerintah, papan manembah, kuburan wis klelep. Di tlatah mau, ora ana maneh tanda kampung warisan leluhur, ora ana maneh papan bersejarah yang bisa miyak kenangan jaman bocah, ora ana maneh panggonan dolanan jaman bocah biyen, bukti tinggalan leluhur wis sirna klelep ing dasare telaga lumpur. Doyok Sudarmaji-nangis ngguguk nalika ana kesempatan terakhir nyekar leluhure ing makam Siring sing saiki wis ilang ing dasare bumi. Pondok Abah Anas mung kari wuwung lan mustaka masjid. Para santri pada bibar, mas Joko Sampurno utawa pak Sapari dadi tukang ojek ngrangkep guide wong sing kepingin ngerti lokasi bencana. "Omahku sing tak saya bangun tahunan saka nyelengi sithik-sithik wis ilang digawa lumpur. Aku gak duwe apa-apa meneh, biyen isih bisa dagang cilik-cilikan ing desa Jatirejo saiki mung bisa nyadhong duwik lauk pauk saka lapindo ing Bank Mandiri. Mas Joko lan pak Sapari sawijining conto lugu dan jujure warga korban. Nalika tugase dadi tukang ojek lan pemanduku nyusur pinggir telaga lumpur "nembus" barikade petugas sing ketat nalika tim evakuasi nggoleki mayit korban ledakan, nalika ditakoni kudu dibayar pira mung bisa matur "terserah Bapak mawon". Jawaban iku sing marahi aku terharu. Pancen ana alangan sithik, nalika aku sholat maghrib ing stasiun Porong, sepatu butut dan gluprutku ana sing kepingin, namun tak kira apa entuke olehku tumeka ing Porong iki luwih duwe nilai ketimbang sepasang sepatu gluprut butut....

No comments: