14.11.06

rawuh kanthi slamet eh... pak niko dhing..

rencana sing bola-bali tertunda merga gaweyan, akhire sabtu 11/11/2006 esuk kelakon yaiku nginguk adhiku sing lagi ngathang-athang ing intermediate care omah sakit (eh kudune omah sehat) sing nate dianggo ngrawat abu bakar ba'asyir lan uga ana tangane amien rais ing jalan ronggowarsito no 130 solo..
jam wolu seprapat dewekan nyengklak bis damri saka terminal rawamangun, nggeblas liwat dalan tol tumuju marang lapangan montor muluk sing dumunung ing kampung cengkareng, kabupaten tangerang, propinsi mbanten. iki perjalanan untung-untungan lha wong tenane, karcis sing dianggo numpak montor muluk aku ya durung nyekel. sakjane wingi wis ngubungi sawetara agen plesiran, tapi mbokmenawa merga dina akhir minggu mula kabeh wis pada ora bisa nggolekne karcis montor muluk kanggo aku.
jam sanga seprapat wis tumeka ing parkirane montor muluk gambar liong, aku banjur mudhun, sapa ngerti montor sing nate kacilakan ing solo iki isih nyisani kursi kosong kanggo awak mami.. kaya sing wis tak kira montor muluk merek iki kursine wis dipesen kabeh, padahal wis ngalah, umpama gak entuk sing jurusan surakarta, jurusan semarang apa njogja aku ya gelem kok, sing penting edhak solo…
mula koper enggal tak seret menyang nang parkirane montor muluk liyane.. pilihane menyang merek sriwijaya.. kandhane mbak sing njaga karcis, jurusan adisumarmo solo saiki wis ancang-ancang arep mabur, ana maneh engko jam sewelas awan tapi kursine ya wis entek (embuh sapa sing mbrakoti), ana maneh sing jam limo sore, tapi jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon... ana kursi cadangan tegese bisa katut bisa ora, tur regane sing paling larang…
wis pupus pengarep-arepku bisa weruh kahanan adhiku ing dina iki.. lagi ae mingket saka konter karcis sriwijaya arep golek alternatif (dudu pengobatan ae sing nganggo alternatif).. ujug-ujug ketemu karo "si abang" (saka logate ngomong) sing nyanggupi ngusahakne tiket sriwijoyo sing wis ancang-ancang miber iku... weleh..…
ya wis ah nekat-nekatan... aku manthuk, deweke terus ngetokne piranti "gineng sambung benek" merek nokia, mencet angka-angka.. terus ngomong sedhela.. terus age-age aku dijak, embuh nganggo ngelmu apa.. aku kaya kebo ditarik keluhane, semrinthil mlebu ruang pengecekan (eh terjemahane cek-in). pak satpam sing biasane galak ya manut bae karo si abang.. aku dimanggakne pak satpam kon mlebu senajan durung nyekel tiket.
tekan ngarep nggo cek-in. ana "kokoh" (saka praupan lan pawakane) sing nyerahne tiket menyang si abang terus dioper menyang aku. sesuai permintaan terus tak bayar jreng mangatus ewu (padha karo rega sing tertulis) ditambah pajek terminal telungpuluh ewu… cuma tanpa slametan jenang abang utawa jajan pasar aku kudu ganti identitas dadi mr. niko lemiena... embuh kuwi jenenge sapa, mungkin juga jenenge "kokoh"sing nyerahne tiket menyang si abang mau... aku ora peduli pokoke katut kegawa mabur nang solo...
terus aku dikongkon mlayu menyang lawang mlebu badhane montor muluk dipandu karo petugas resmi (merga nganggo tanda karo nyekel alat guneman sing biasa dicekel petugas kemanan) ako dikongkon mlayu cepet merga aku wis ditunggu... aku dipandu liwat dalan sing ora umum, nrabas-nrabas.. untung gawan ya mung tas cilik, tur rada biasa playon.. angger ketemu petugas liyane sing arep nyegah utawa nakoni aku, cukup diwenehi isyarat karo petugas sing ngawal wong vvip iki langsung tanpa kakehan pertingsing mung manut bae...
akire "penumpang vvip mr lemeina" iki wis mlebu lambunge montor muluk, merga kondisine wis ancang-ancang arep mabur, gawanku diseleh ing kotak khusus dadi siji karo pilot lan mbak-mbak pramugari… (mula aku rada sujono: si abang, petugas lan awak kabin mesthi wis ana kerjasama nalika nylundupne penumpang vvip gelap sing jenenge mr niko lemeina.. he,he,he).
bareng aku wis bisa lungguh tenang ing kursi a2, cedhak cendela kiwa, aku sempat ngilang-ilingi, eee... iki pesawat gaweyan dina rebo-paing (pabrik "boeing" maksude).. terus tak delok ketoke tunggal model karo mandala pk-rim sing ngeden gagal miber nang medan merga kabotan duren biyen iku.. ujug-ujug mak deg atiku, untung jantungku isik lumayan sehat.. tansaya deg-degan nalika kelingan nek "kangucup" nang daftar penumpang gak tercantum merga sing lungguh iki atas nama pak niko lemeina..
mula tak wanek-wanekne, aku nyolong... nalika montor muluk wiwit mlaku muter menyang landasan, aku nyoba kirim sms singkat (alias kirim pesan singkat sing singkat) nang adik sing nang surabaya lan anan bojo ing omah.. "mangkat slo by sriwijaya 9.30".. bareng bisa send, rada plong atiku.. terus ndonga dremimil… akhire krungu pilot adiyanto (nek gak salah) siaran supaya mbak pramugari "in landing position"... lan montor muluk alon-alon mudhun ing bantala solo...
alhamdulilah, matur nuwun gusti, aku wis bisa tumapak ing tanah adisumarmo kanthi slamet.. padahal sakdurunge wis krungu nek kyai slamet --kebo bule saka kraton solo--- mati merga kepanasen…

No comments: